Mangkana kaprungu gunemane bulus lanang lan wadon ing pinggiring talaga Kumudawati. Kewan sajodho kuwi sambat marang kahanan mangsa katiga sing ora rampung-rampung. Kaya-kaya taun iki mangsa rendheng ora bakal tumeka. Kamangka, ing padatan, mangsa katiga kuwi lumakune ya mung ora suwe-suwe kaya kang dumadi nembe-nembe iki.
Kocap, talaga Kumudawati iku sawijining talaga kang ana sangisore gunung Himawan ing tlatah nagara Kartaraharja. Talaga kang endah edi peni, ora ana sawijining talaga kang saemper kaya talaga Kumudawati. Banyune sing ana talaga kuwi katon kimplah-kimplah nengsemake. Yen ta tumuju sinorot prabaning sang surya, katon cumlorot kaya rebutan laku, padha ngetokake sunare sing kaya srengenge. Banyune banget beninge. Saingga apa kang ana ing dhasare talaga Kumudawati, bakal katon cetha wela-wela kaya ora ana banyune. Iwak-iwak sing padha lumaku jejogedan angrengkuh segering banyu ana ing talaga iku dadi bisa diweruhi dening mata manungsa apadene sato kewan sing lagi liwat kono. Ana pojok-pojoking talaga iku uga bisa katonton tetanduran trate sing kembange banget nengsemake ati. Ana sing putih, abang, apamaneh biru.

Kembang trate kang nambahi asrining sesawangan iku tansah dikupengi dening tawon-tawon kang brengengeng tanpa kendhat arsa arep mencok ing kembang sing ayu-ayu iku. Nanging sajake tawon-tawon iku ora lila yen sikile midak kekembangan. Jalaran wedi yen tumekane dheweke bakal ngrusak ayune kembang. Mula tawon-tawon mung mabur wira-wiri ana sakupenge kembang trate sing warnane macem-macem iku. Trate iku uga dadi papane para kodhok yen lagi nuju wanci udan. Godhonge trate sing amba-amba, sok dadi papane para kodhok adu kawasisan nembangake tembang klangenane sing padatan mung kawetokake yen mudhun banyu saka langit. Thung thot thung thot thung thot! Gonta-ganti sineling-seling.
Sawijining sato kewan sing manggon aneng talaga Kumudawati iku ana sing jenenge Pak Bulus karo Bu Bulus. Wis suwe anggone Pak Bulus karo Bu Bulus manggon ana ing talaga iku. Manut apa kang tau dikandhakake dening bapak ibune Pak Bulus karo Bu Bulus, kulawargane iku wis manggon ana kono awit jaman talaga iku ana. Malah kapara biyen kulawarga bulus iku dadi warga pisanan ing talaga iku. Mulane ora aneh yen kabeh sato kewan sing arep manggon ana kono kudu njaluk idi palilah sik marang Pak Bulus lan Bu Bulus. Dadi pancen saka simbah buyute biyen, Pak Bulus karo Bu Bulus iku sing mbaureksa ana talaga Kumudawati.
Wis dadi kodrate kewan sing jenenge bulus, yaiku kudu urip neng panggonan sing kimplah-kimplah banyune. Mula, kahanan sing dumadi nembe-nembe iki njalari atine Pak Bulus karo Bu Bulus dadi sumelang. Mangsa katiga sing ora ana mandhege njalari asate talaga Kumudawati. Kahanan talaga Kumudawati wis ora kaya rikala sadurunge mangsa katiga tumurun. Saiki swasana sing adhem ayem tentrem gumanti karo swasana sing panas ngemplak. Kembang trate sing biyen ngrembuyung saiki padha layu. Kembang-kembange padha garing, gogrok dhewe-dhewe ora kuwat katemahan panas sing ora ana enteke. Kewan-kewan uga padha pamitan karo Pak Bulus lan Bu Bulus. Padha arep pindhah menyang papan liya sing sekirane bisa nguripi awake dhewe.
“Pak Bulus. Sampun dados panggalih panjenengan. Keparenga kula kalihan semah kula pindhah dhateng papan sanes. Kula sampun boten kiyat wonten talaga Kumudawati ngriki.” clatune Kodhok lanang karo Pak Bulus.
Siji mbaka siji kabeh kewan sing ana talaga iku pamitan karo Pak Bulus lan Bu Bulus. Suwe-suwe sing ana telaga Kumudawati iku saiki mung kari Pak Bulus lan Bu Bulus thok.
“Piye pak-ne?” pitakone Bu Bulus kanthi luh sing kumembeng ana mripate.
“Arep piye maneh bu-ne. Awake dhewe kuwi wis dipasrahi karo para leluhur supaya ngreksa papan iki. Dadi arep dipriye-priye tanggungjawab iki kudu dilakoni.”
“Lha yen awake dhewe banjur mati priye pak-ne?”
“Tegese kuwi wis dadi pesthine awake dhewe.”
“Huuuu…” pambengoke Bu Bulus.
Nangise Bu Bulus sansaya ndadi. Saya banter. Diarih-arih ben ilang sungkawane karo Pak Bulus malah njalari nangise sansaya ndadra. Nganti kaprungu teka awang-awang. Njalari Pak Bango lan Bu Bango sing lagi mabur ana dhuwure talaga Kumudawati, prelu mudhun kanggo mangerteni seleh prekarane. Mbokmanawa sing neng ngisor iki lelakon kewan sing lagi padu.
“Bu kae rungokna. Ketoke ana sing lagi nangis neng ngisor kae.” guneme Pak Bango.
“Iya pak-ne. Aku ya krungu ana swara tangis sing nrenyuhake. Gek-gek mengko ana wong sing lagi dipiala pak-ne.”
“Ketoke swarane ana ngisor kono. Ayo mabur mudhun bu-ne!”
“Ayo tak dherekake pak-ne.”
Bango loro kuwi banjur mudhun menyang talaga Kumudhawati sing wis asat. Nyedhaki swaraning tangis sing ora liya ya Bu Bulus sing lagi nandhang sumelang. Sumelang yen dheweke bakal mati marga ora kaduman banyu. Sumelang jalaran yen mati saiki, iku ateges darmaning uripe minangka wong tuwa durung sampurna. Sabab dening Gusti Kang Akarya Jagad, Bu Bulus dereng kaparingan putra.
Pak Bango lan Bu Bango wis teka ngarepe Pak Bulus lan Bu Bulus sing lagi padha rerangkulan ngrasakake kahanan neng talaga Kumudawati.
“Kula nuwun Pak Bulus, Bu Bulus.”
“E e e.. Wonten tamu ta. Mangga-mangga Pak Bango. Wonten wigati punapa punika? Ssst! Bu-ne menenga! Gilo ana tamu.”
Bu Bulus banjur meneng. Nanging sisa tangise isih katon. Kaya kasigeg ana ing gulune.
“Punika kula kok mireng wonten swanten piyantun nembe muwun. Mbokbilih kepareng mangertosi. Sejatosipun punapa ta perkawis ingkang sinandhang?”
“Mugi dadosna kawuningan kagem Pak Bango lan Bu Bango. Punika semah kula nembe sumelang nyumerepi kahanan wonten ing talaga Kumudawati ngriki.”
“Lho, sumelang kados pundi ta?”
“Panjenengan rak sampun mirsani piyambak kawontenanipun ing talaga Kumudawati ngriki. Toyanipun asat. Kamangka sampun jamakipun menawi sato awarni bulus kados kula lan semah kula punika mbetahaken toya ingkang kathah supados saged gesang. Cobi panjenengan pirsani sato ingkang awarni ulam punika. Sampun sami pejah sadaya. Sasanesipun punika sedaya sato ingkang mapan wonten ngriki ugi sampun budhal sadaya. Madosi papan sanes ingkang langkung sae. Dados sepen papan punika. Kula badhe nilar papan punika, boten wantun. Jalaran wiwit jaman rumiyin pancen kulawarga kula ingkang kajibah ngreksa papan punika.”
“O, mekaten ta. Mbokmenawi kula kepareng ngaturi pamrayogi kados pundi Pak Bulus?”
“Pamrayogi ingkang kados punapa Pak Bango?”
“Mekaten Pak Bulus. Mungguhipun pamanggih kula inggih panjenengan kekalih kedah pindhah saking papan punika. Jalaran awit sedayanipun sampun boten prayogi malih kagem nglajengaken pagesangan. Sampun ngantos panjenengan kekalih mangke nemahi seda. Punapa malih panjenengan menika rak kagungan jejibahan kangge ngreksa papan punika ta? Saderengipun kula nyuwun pangapunten, mbokmanawi kaladuk atur kula. Punapa panjenengan sampun kagungan putra kagem nglajengaken jejibahan ngreksa papan punika?”
“Kula dereng gadhah anak Pak Bango.”
“Lah rak sampun cetha ta Pak Bulus. Menawi panjenengan taksih panggah badhe tilar wonten ing ngriki, punika tegesipun panjenengan malah nglirwakaken dhawuhipun leluhur panjenengan.”
“Lho kok saged?”
“Saged mawon Pak Bulus. Panjenengan sampun kadhawuhan kangge ngreksa papan punika. Pangajapipun leluhur panjenengan mesthi ugi ngajap menawi putra turun panjenengan ugi ndherek ngreksa papan punika. Tegese mangke kulawarga Pak Bulus ingkang lestantun ngreksa papan punika. Lha, menawi panjenengan panggah tilar wonten ngriki, lajeng mangke seda tanpa nurunaken putra, punika ateges panjenengan nyidrani dhawuhing leluhur panjenengan. Pramila, panjenengan kedah pindhah saking papan punika supados saged nglajengaken jejibahan.”
“Mekaten.” saure Pak Bulus karo manthuk-manthuk.
“Mekaten mawon nggih Pak Bulus. Panjenengan kekalih kula dherekaken tumuju ing talaga Manasasara. Kapinujon kula lan semah kula ugi badhe mrika. Wonten mrika toyanipun taksih kathah. Mugi panjenengan kekalih saged manggen rumiyin wonten ngrika. Mangke menawi talaga Kumudawati ngriki sampun wonten toyanipun lan sampun kados nalika ing nguni, panjenengan kula dherekaken ngriki malih.”
“Kadospundi caranipun?”
“Punika kula tak mendhet kayu. Mangke kula lan semah kula nyokot ing kanan keringipun. Lha panjenengan kalih ingkang garwa mangke nyakot ing tengahipun. Mangke kula dherekaken mabur ing langit. Nanging kula nyuwun janjinipun panjenengan kekalih.”
“Punapa punika Pak Bango?”
“Wonten lelakon punapa kemawon, panjenengan kekalih boten kepareng ngandika punapa-punapa. Kedah kendel lan nyokot kayu kemawon. Kadospundi Pak Bango? Punapa panjenengan nyagahi?”
“Inggih pun mangsa borong. Kula ndherek kemawon.”
Pak Bulus karo Bu Bulus banjur nyakot kayu sing wis dicawisake Pak Bango. Pak Bango lan Bu Bango nyokot kayu kuwi ing kiwa tengene. Banjur mabur tumuju ing talaga Manasasara.
Kocap, nalika teka ana dhuwure alas Dhandhaka, ana macan lanang wadon sing lagi keluwen jalaran durung mangan pirang-pirang dina. Nalika weruh ana bango sing lagi mabur nggawa bulus, banjur tuwuh ada-ada ing ciptane.
“Bu-ne! Kae tontonen ana kewan sing bodhone ora karuwan.” pambengoke macan lanang.
“Priye ta pak-ne?” macan wadon metu saka kandhange.
“Kae delengen. Ana kewan sing bodho banget. Lha wong digawa mabur karo bango arep dipakakke anakke kok gelem tur manut wae.”
“O iya pak-ne. Layak pak-ne. Lha wong bulus. Ya pancen bodho tur gampang diapusi.” guneme macan wadon karo semu bengok ben bisa dirungokke bulus ing awang-awang.
Kaya disebit kupinge bulus nalika krungu dheweke dibodho-bodhokake karo macan sing neng ngisore. Kemropok atine. Saliyane iku, bulus sakloron uga dadi nduweni rasa sujana marang bango. Gek mengko omongane macan bener. Dheweke arep dipakakake kanggo anakke si bango.
Sanalika bulus lali marang kasaguhane sing ora bakal guneman apa-apa yen krungu apa-apa. Bulus sakloron dumadakan misuhi bango sakloron. Pranyata bulus bisa kabujuk dening macan lanang lan wadon.
Tanpa nganggo suwe, marga cangkeme bulus menga kanggo misuhi bango, mula bulus sanalika ucul saka kayu sing dadi cekelane. Bulus sakloron tiba kleyang-kleyang mangisor. Banjur dadi mangsane macan lanang lan wadon.
“Wadhuh. Priye ta Pak Bulus lan Bu Bulus iki. Dipenging aja ngomong apa-apa kok malah dilanggar. Ya wis. Pancen nasibmu dadi mangsane si macan.”
“Iya pak-ne. Ayo bacutna lakune awake dhewe wae.”
Mangkana apa kang dadi kandhaning carita ing donyane para sato kewan.

Sumber : http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/bulus-lan-bango.html
0 komentar:
Posting Komentar