Kamis, 28 Februari 2013

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Nganggur




Tri Goro      : Lek, Mas Sunoto kok saiki jarang gawe naskah cerita lucu yo?
Mas Agung : Mboh yo, opo mungkin lagi sibuk yo?
Tri Goro     : Yakne yo bener lagi sibuk ...tapi sibuk opo yo?
Mas Agung : Wahh berarti yo rugi dewekne, Lek....tuwas ngontrak awak'e dewe dadi tokoh Cerita Lucu nek kene
Tri Goro     : Halaahh,...koyok tenanan ae, nganggo kontrak - kontrak'an barang ki
Mas Agung : Mben kethok rodo' profesional sithik ngono lho,Lek,haha...!!!
Tri Goro     : Nak jarang gawe naskah cerita lucu, yo alamat awak'e dewe jarang kethok metu nk label Cerita lucu iki no,Lek?
Mas Agung : Yo mesthine ngono
Tri Goro     : Lha terus awak'e dewe piye,Lek?
Mas Agung : Sementara yo nunggu kabar soko Mas Sunoto Agung Wibowo selaku admin Wong Jawa
Tri Goro     : Ngono yo,Lek?
Mas Agung : Lha iyo no...meh ngopo meneh?
Tri Goro     : Podho ndungo wae,Lek awak'e dewe, mugo - mugo Mas Sunoto AW ndwe pakaryan anyar sing tetep melibatkan kita berdua, Lek!
Mas Agung : Iyo,Lek...mugo - mugo ae, Amiin...!!!
Tri Goro     : Yo wis, Lek aku tak bali dhisik
Mas Agung : Iyo..iyo....Eh berarti kowe mengko mrene meneh, Lek?
Tri Goro     : Lah pow?
Mas Agung : Lha jaremu bali dhisik.
Tri Goro     : Hayaaah acak...
Mas Agung : Hahahaha,...reflek!!!

( Ono Candhak'e...)