Selasa, 21 Agustus 2012

Sugeng Riyadi 1 Syawal 1433 Hijriyah

     


Taqabbalallahu Minna Wa Minkum, Minal Aidzin Wal Faidzin

     Pamuji Rahayu dumateng para sederek sepuh kalian anom ingkang dahat kinurmatan, pandhemen situs http://www.instisari-wongjawa.blogspot.com, keparenga kawulo admin Wong Jawa ngaturaken, Sugeng Riyadi setunggal Syawal 1433H. 


     Mbok bilih wonten atur wicoro lan toto kromo anggen kawulo “sesrawungan” kalian panjenengan, ingkang  kawulo serat wonten dunia maya punika, ingkang dadosaken kirangrenaning penggalih, nyuwun agunging samudra sih pangaksami lair utaminipun batin mugya linebur ing dinten rioyo punika.

     Sumangga, Ing dinten Riyadi punika, kita sami hanyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi kaparingan ridhlo kawangsulaken dhumateng kawontenan ingkang fitri suci kanti kersa paring lan nampi pangapunten saking sesami kalayan tulus lan ikhlas.

Amiin Ya Rabbi al 'Alamiin, sugeng riyadi 1 syawal 1433 hijriyah!



Kamis, 02 Agustus 2012

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Dino Jum'at Lan Kemis



     Mas Agung karo Tri Goro goncengan numpak montor mulih dolan, mampir menyang warunge Gogon Joss.Sak perlu ngaso sinambi pesen es teh manis.Karo udud kebal kebul, crito ngalor ngidul.Wusanane dolanan bethek'an meneh.

Gogon Joss : opo ora ono liyo to sk liyane bethek'an?
Tri Goro     : bosen, Lek timbangane Facebookan terus...
Mas Agung : Gilirane sopo ki?
Tri Goro     : Kowe yo keno, sing mbethek'i meneh...
Gogon Joss : Yoh kono tak melu mbethek aku njal.
Mas Agung : Jum'at iku tibone rak sak bare kemis to.Lha iku ono jum'at sing tibone sak durunge kemis
Tri Goro : Terus!
Mas Agung  : lha iyo, ono ning ngendi iku tibane jum'at sing sak durunge kemis?
Gogon Joss : ahhh, nganeh aneh...yo ra mokal,..ra ono kuwi!
Tri Goro     : Mboh wi, mbok sing logis ngono lho
Mas Agung : Namanya juga bthek'an,Brow....
Gogon Joss : sik tak mikir
Tri Goro      : Dino kok kewolak walik, ra ono ra ono...
Mas Agung : Piye...?
Gogon Joss : Mboh lah, ra ketemu
Mas Agung : Gimana, Mas Brow sudah ketemu jawabannya?( nakoni Tri Goro )
Tri Goro     : Idhem Gogon, ra ngerti aku...
Gogon Joss : ra ngerti kok ndadak melu melu idhem barang
Mas Agung : Hahaha....wis, nyerah ki?
Gogon Joss : opo ws njal?
Tri Goro     : tibone ning ngendi iku, Lek jum'ate?ning ngisor kreteg yo?
Mas Agung : Nak kulino mbuka kamus, mesthi ngerti  tibone dhisik jum'at, bar kuwi lagi kemis
Tri Goro     : Lho piye to, kok malah tekan kamus barang ki....malah dadi bingung aku!
Gogon Joss : O, ....yo mesthi ae dhisik jum'at
Tri Goro     ; O opo, Lek  koyok ngerti ngertio?
Gogon Joss ; paling mbiyen pas pelajaran kuwi kowe ora mbuka kamus mesthi, dadine yo bingung
Mas Agung : Huahahah, wkkkkkk....
Tri Goro      : Jiaaaah, asemi....malah diguyu!
Mas Agung : Ning ndi ndi, ora ning kamus thok, huruf abjad J ki mesthi tibone dhisik tinimbang huruf K, kejobo olehe nulis njarak diwalik....piye. sopo sing muni ra ono mau?
Gogon Joss : Hehe...

 

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Watu Tibo Ning Laut



Saben dino mesthi ono ra ketang siji loro ukoro kanggo bethek'an.Nanging ngepasi dino iki mau, mboh gene ora koyo padhatan biasane, koyone Mas Agung kenthek'an ide.



Mas Agung : Njal genti kowe sing mbethek'i, Lek!tak karo ngetes kemampuanku,hehe..
Tri Goro     : Gayamu,...!!!
Mas Agung : Yo sekali kali barang to yo, gentenan...
Tri Goro     : Iki rungokno...watu putih yen diuncaklke ning laut merah bakal dadi opo?
Mas  Agung : aku wani botohan 100 %, ra bakal dadi opo2...
Tri Goro      : Wah gk joss brati,
Mas Agung : tetep wujud arupo watu, ra mungkin malih rupo
Tri Goro     : wis, thit ra iso?
Mas Agung : dadi opo wis njal?
Tri Goro     : Dadi teles watune to yo, piye masuk akal pora?
Mas Agung : Bocah SD wae ngerti nek watu diuncalke ning laut mesthi dadi teles,  mboh iku laute laut merah, laut putih, laut hitam...!!!
Tri Goro     : Lho piye to, jenengane ae bethek'an hare, Lek
Mas Agung : ah barang, wis...wis..LAUT aku
Tri Goro     : Hahaha.....!!!

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Gedhene Podho Gajah


     Wis suwe Mas Agung ora dolanan bethek'an meneh karo Tri Goro, mergo sibuk saiki nduwe usaha buka warung makan.Sak wijining dino, dilegakake dolan menyang omahe Tri Goro.Sak perlu arep ngajak dolanan bethek'an meneh.

Mas Agung : Kangen, Lek Gor suwe ora dolanan bethek'an...
Tri Goro     : opo meneh, ws rek ndang, siap aku...!!!
Mas Agung : hehe,...Gedhene podho gajah, mlakune yo bareng gajah, ning ora nduweni bobot koyok gajah, njal opo hayo ?
Tri Goro     : Yo Bledug to yo, anak gajah kuwi...
Mas Agung : Opo tumon kowe ngerti bledug gedhene madhani mbok'ane
Tri Goro     : iyo..yo...
Mas Agung : iso ra,..?
Tri Goro     : hemmmm....sik go, opo yo....?
Mas Agung : Lah hem, kesuwen....
Tri Goro    : ws nyerah aku, opo njal?
Mas Agung : jawabane sing bener Ayang ayang Gajah,hahaha...
Tri Goro     : ????!!!!
Mas Agung : ajeg, senenganmu tanda tanya karo tanda penthung terus,hihi..