Senin, 23 Juli 2012

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Pak Dhe


Pakde, aku putune sopo
Aku wis gede, mbesuk melu sopo
Bapak ibi saiki wis ora ono
Sakbendino mung trimo nelongso

Pakde, aku putune sopo
Aku wis gede, mbesuk melu sopo
Bapak ibi saiki wis ora ono
Sakbendino mung trimo nelongso

Aduh pakde piye dadine
Aku iki ra ono rewange
Pakde, pakde ilingo anak putune
Sakbendino lungo ora tau mulih

Pakde ilingo yen wis tuwo
Wong ning ndunyo, ibarat ngunjuk tuyo
Ndang nyebuto pakde karo sing kuoso
Wedenono pakde sikso neroko

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Bokong Semok


Aran bokong, nongko sesigar
Aran alis, nanggal sepisan
Kulit kuning lare kuning langsat
Gawe hang nyawang ngelek idu goro’an asat

Bokong semok, bokonge sopo
Eman-eman moto sing dienggo ndeleng
Lambe sesigar lare sigar kepundung
Gawe gereget kudu-kudu kepingin nyethot

Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut disanggul, sanggul, sanggul, nganggo cucuk
Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut digelung, gelung, gelung, digelung miring

Sopo wae kepergok, mesti ngomplong melongo
Sopo wae kepergok, mesti ngomplong melongo

Aran bokong, nongko sesigar
Aran alis, nanggal sepisan
Kulit kuning lare kuning langsat
Gawe hang nyawang ngelek idu goro’an asat

Bokong semok, bokonge sopo
Eman-eman moto sing dienggo ndeleng
Lambe sesigar lare sigar kepundung
Gawe gereget kudu-kudu kepingin nyethot

Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut disanggul, sanggul, sanggul, nganggo cucuk
Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut digelung, gelung, gelung, digelung miring

Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut disanggul, sanggul, sanggul, nganggo cucuk
Sopo wae kepergok, mesti ngomplong melongo
Sopo wae kepergok, mesti ngomplong melongo

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Tembang Kangen


Wayah wengi udan grimis, ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes, dadi saksi nggonku nangis
Wong sing tak tresnani, tego ningglake aku
Suwung jeroning uripku, yen ora ono sliramu

Sumilire angin tansah ndudul kalbu
Roso kang tak empet agawe loro dodoku
Liwat tembang kangen, mugo biso dadi tombo
Tombo kangen iki, nandang wuyung rino wengi

Liwat tembang kangen, aku titip tresno
Opo pancen sliramu, uwis ora kroso
Liwat tembang kangen, aku titip sayang
Tresnaku mring sliramu, ora biso ilang

Opo lali opo pancen wis ra ngerti
Sak tenane aku, mung tansah setyo ngenteni
Ngenteni baline endah manise esemmu
Liwat tembang kangen, iki wujud katresnanku

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ali Ali Emas Kuning


Ali-ali ing drijimu,
Tenane tali tresno bebasane
Emane ra biso njogo
Ning saikine uwis maleh rupo

Ali-ali emas kuning,
Wis maleh emas kuning dadi putih,
Opo pancen uwis lali
Tondo tresnaku ora diopeni

Ali-ali emas kuning,
Opo biyen sliramu ra eling
Tondo tresno ngikat janji
Yen sliramu ora bakal lali

Ali-ali emas kuning,
Ra ngiro dadi duweke wong liyo
Tego ninggalake aku
Lali sumpahmu, wis lali janjimu

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub 5 SMS


Ora nyono mas, aku ugo ra ngiro
Nyekel HP mung kok gawe sembrono
Sabendino SMSan karo sopo
Mbok ojo ngono atiku digawe loro



Sabar disik dik, ojo gampang cemburu
Nadyan akeh SMS telpun sing mlebu
Telpun iki gawe petung nyambut gawe
Golek sandang pangan ing saben dinane

Iki lho mas, iki lho SMS sing mlebu
Lima SMS isine cinta padamu
Iki lho mas, iki lho SMS-se sopo
Tulisane kabeh mung kondo tresno


Kiro-kiro dik, iki wong salah kirim
Mergo kleru, deweke mesti isin

Ra percoyo, mergo aku weruh dewe
SMS kuwi kabeh, kondo tresno kowe

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tragedi Mulih Lungo


Mbiyen mulo, dadi niate wong loro
Aku nyambut gawe, kangge anak bojo
Nganti tak rewangi, lungo ing luar negeri
Wektu telung taun, rekoso tak lakoni

Nggonku lungo, saiki wis biso bali
Kaget jroning ati, weruh kahanan iki
Duwet sing tak kirim, ing saben sasine
Jebulane muspro, gawe senengmu dewe

Muleh lungo, atiku keronto-ronto
Sing ning omah, wis ra keno dipercoyo
Mulih lungo, aku nangis aku njerit
Sing ning omah, jebul malah korat-karit

Opo kowe, wis lali marang janjimu
Bakal tetep setyo, nunggu sak mulehku
Nanging malah kepincut, wong wadon liyane
Aku lan anakmu, sing dadi korbane

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Pepujaning Ati


Rasaku tan biso lali,
Yen kelingan pepujaning ati
Yen bengi kagowo ngimpi,
Gawang-gawang tansah nggoda ati

Esuk awan kepikiran,
Opo mbesuk biso kasembadan
Anggonku nandang kasmaran,
Duh wong manis, mbok paring wangsulan

Esemanmu anggoda jroning rasaku
Mugo-mugo dadi sisihanku
Tansah kelingan kembange netro
Roso tresnoku soyo ngremboko

Sawangen mbulan ndadari,
Dadi saksi katresnanku iki
Tumelungo asmaramu
Sih katresnanmu tansah tak tunggu