Senin, 23 Juli 2012

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Meteng Pitung Sasi


Wis rong taun, ing malaysia suwene
Nyambut gawe, keloro-loro rasane
Kabeh kanggo, bojoku sing tak tresnani
Biso gawe omah, kang diimpi-impi

Ora kuat, nggonku ngampah jeroning dodo
Krungu kabar, kowe selingkuh karo tonggo
Tak nyatakne, aku mulih
Aku bali, jebulane kowe meteng pitung sasi

Kowe tegane, gelem meracuni cinta
Tak rewangi, rekoso ing malaysia
Kowe tegane, mung lamis manis janjimu
Tegel mentolo, tego ngapusi aku

Aku lilo, yen kowe wis gawe loro
Loro ati, koyo wis ra biso mari
Pilih ayo, pisah trimo aku ngalah
Timbang urip bareng, sabendino susah

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Konangan Versi Tayub


Pr :
Bola-bali tak kandani,
Kowe ojo mabuk karo judi
Budhal wesuk mulih bengi,
Aku ra tau kok kancani


Lk :
Ning omah aku ra krasan,
Sebab kowe kurang perhatian
Sandang pangan tak golekne
Kenek opo lek turu kok dewe-dewe

Pr :
Konangan, saiki konangan
Kowe ketangkep karo bocah prawan


Lk :
Konangan, kowe yo konangan
Kowe yo duwe simpenan bocah lanang

Pr :
Saiki ayo pegatan,
Dasar kowe wong lanang bajingan


Lk :
Ra usah ndadak pegatan,
Luwih becik ambangun bebrayan

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ilange Gelang Kalung


Aku mung tansah kelingan,
Nalikane biyen urip kekurangan
Senadyan wis pisah suwe,
Roso kangen kok koyo ngene

Ora gampang nggonku lali,
Janjimu biyen mung tansah tak ugemi
Gelang kalung dadi saksi,
Pungkasane ilang ono ngendi

Pancen kowe ora getun,
Ninggal aku babar pisan, ora nggumun
Dasare ono liyane,
Luwih soko aku sing biso nyenengke

Tresno ati pawitane,
Bondo dunyo kuwi dudu ukurane
Nanging batinku ra lilo,
Gelang kalung, diwenehne wong liyo

Pancen kowe ora getun,
Ninggal aku babar pisan, ora nggumun
Dasare ono liyane,
Luwih soko aku sing biso nyenengke

Tresno ati pawitane,
Bondo dunyo kuwi dudu ukurane
Nanging batinku ra lilo,
Gelang kalung, diwenehne wong liyo

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Rabi Dulur


Pr :
Kangmas aku wis gede,
Kapan enggal didaupake
Akeh joko sing podo nglamari,
Nanging kangmas sing tak enteni

Lk :
Nimas opo ra kliru,
Sliramu sih keponakanku
Ojo keburu nafsu,
Mengko diguyu tanggamu

Duet :
Mbulan…, mbulan gede
Amadangi jagad rame
Ojo turu sore-sore,
Karep ben cedak jodone
Prawan…, prawan gede
Njaluk rabi karo tanggane
Wong tuwo ora marengake,
Mergo isih dulure dewe

Pr :
Kangmas piye dadine,
Wong tuwo kok ra marengake

Lk :
Becik diwurungake,
Akeh wong liyo kok rabi dulure

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Putri Kediri


Atiku ra biso lali,
Nganti mati mung tansah tak impi-impi
Sliramu putri kediri,
Pancen manis eseme kang merak ati

Naliko aku ketemu,
Jerone ati tansah kadhodhok rasaku
Saben dino njur ngelamun,
Mikir kowe atiku tansah kayungyun

Putri kediri, gawe trenyuh jroning ati
Satuhu luhur ing budi,
Pantes den pepuji,
Pindane dewi sekartaji

Tansah katon memanise,
Ora ngiro ndudut ati lelewane
Esemmu sing pait madu,
Mbesuk kapan biso sesandhing sliramu

reff :
Atiku ra biso lali,
Nganti mati mung tansah tak impi-impi
Sliramu putri kediri,
Pancen manis eseme kang merak ati

Naliko aku ketemu,
Jerone ati tansah kadhodhok rasaku
Saben dino njur ngelamun,
Mikir kowe atiku tansah kayungyun

Putri kediri, gawe trenyuh jroning ati
Satuhu luhur ing budi,
Pantes den pepuji,
Pindane dewi sekartaji

Tansah katon memanise,
Ora ngiro ndudut ati lelewane
Esemmu sing pait madu,
Mbesuk kapan biso sesandhing sliramu

Minggu, 22 Juli 2012

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Loro Asmoro

Eling rikolo semono,
Angin semilir soyo ndedowo roso
Ketir-ketir jroning pikir,
Opo pancen sliramu ra mikir


Yen to aku tetep tresno
La mbok iyo kroso kelawan rumongso
Opo tego panandangku,
Aduh kangmas rungokno tangisku


Jroning sepi aku tansah angranti
Wanci ratri hanamung tak impi-impi
Batinku angroso rasane wong bingung
Opo iki arane wong nandang wuyung


Kabeh mau yen kelingan,
Koyo-koyo uripku tansoyo nglamprang
Gusti paringo usodo,
Anggonku nandang loro asmoro 


Reff :
Lk :
Eling rikolo semono,
Angin semilir soyo ndedowo roso
Ketir-ketir jroning pikir,
Opo pancen sliramu ra mikir

Yen to aku tetep tresno
La mbok iyo kroso kelawan rumongso
Opo tego panandangku,
Aduh kangmas rungokno tangisku

Jroning sepi aku tansah angranti
Wanci ratri hanamung tak impi-impi
Batinku angroso rasane wong bingung
Opo iki arane wong nandang wuyung

Kabeh mau yen kelingan,
Koyo-koyo uripku tansoyo nglamprang
Gusti paringo usodo,
Anggonku nandang loro asmoro

reff :
Pr :
Eling rikolo semono,
Angin semilir soyo ndedowo roso
Ketir-ketir jroning pikir,
Opo pancen sliramu ra mikir


Yen to aku tetep tresno
La mbok iyo kroso kelawan rumongso
Opo tego panandangku,
Aduh kangmas rungokno tangisku


Jroning sepi aku tansah angranti
Wanci ratri hanamung tak impi-impi
Batinku angroso rasane wong bingung
Opo iki arane wong nandang wuyung


Kabeh mau yen kelingan,
Koyo-koyo uripku tansoyo nglamprang
Gusti paringo usodo,
Anggonku nandang loro asmoro

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Joko Tuo

Nelongso, awakku soyo nelongso
Koyo ngene nasib dadi jojo tuwo
Ngalor ngidul, ngetan ngulon dadi crito
Saben nglamar ditampil poro wanito

Senen kemis poso tansah tak lakoni
Bot bote pingin ndang payu rabi
Opo pancen durung teko jodoku
Nglamar peng pitu rondo prawan podo mlayu

Duh gusti, mirengno tangisku iki
Mboten kiat, urip ijen rino wengi
Duh gusti, welasono awak iki
Umur pu kathah, jodoh kulo wonten pundi

Duh dewo, luh tumetes nyendal dodo
Joko tuwo, pingin enggal polo kromo
Duh bapak, kulo pingin momong anak
Duh ibu, wonten pundi calon mantu