Kamis, 12 April 2012

Dongeng Atau Cerita Kancil Kang Podho Miris Dalam Bahasa Jawa


Anuju ing mangsa katiga ana angin gedhe. Saking bangete, pangrasa pucaking uwit-witan tumelunge meh anggepok lemah. Ana kancil lelima utawa nenem, wedi ngrungu gumrubuging angin, enggal padha lumayu, aninggal kancane kang akeh-akeh, tur anane ing kono nunggal kancane mau ora nguwatiri. Palayune nerak ara-ara, kaya diburu ing asu pirang-pirang.
Saking rikating playune, prasasat ora ngambah lemah, ora ana kang noleh, nganti kepengkok ing rawa, ora bisa mbanjurake playune. Awit dening enggaling tekane ing kono sakehing kodhok kang ana ing rawa padha kaget, banjur padha silem. Kancil padha gumun weruh wedining kodhok kang tanpa sebab, wit kancil ora tau sikara ing kodhok. Nuli ana kancil kang wus tuwa, celathu marang kanca-kancane lumayu, tembunge : “ He, wong mitra-mitraku, aku lan kowe mau keplayu dening gumrubuging angin, iku pratingkah gemblung. Kaya pratingkahing kodhok-kodhok iku, padha silem amarga padha wedi ing aku lan ing kowe.
Liding dongeng mangkene : Samubarang kang ora bisa gawe piala ing awakmu, aja kowedeni, dene wong kang watek jirih, wedi ing wayangane dhewe.
Tegese tembung :
miris                    = wedi, giris
pangrasa             = kaya-kaya, ing rasane kaya ..
tumelung            = tumiyung, mentiyung
ara-ara               = palemahan jembar ora ditanduri
kepengkok         = kepapag ing.., ketanggor ing.., kepeped ing ...
sikara                  = ngganggu gawe, milara
gemblung            = gendheng, edan.
piala                    = tindak kang ala.
jirih                        = weden, ora kendel 
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kancil-kang-padha-miris.html

Dongeng Atau Cerita Menjangan Jaran Lan Uwong Dalam Bahasa Jawa

Ana jaran tarung lan menjangan . sawuse antara suwe, jaran kalah, kaburak saka ing pangonan. Calathune :” Aku ora kelar nandhang wirang mangkene, muga –muga bisa amales mirangake satruku. I lha dalah, aku nemu akal, manusa kang bakal aweh sarana marang aku, iku kang mesthi bisa tetulung. “

Sawuse calathu mangkono, banjur anggoleki manusa, jinalukan tulung. Wangsulaning manusa:” Aku saguh malesake, yen kowe gelem dakkendhaleni, sarta daktunggangi. “
Awit saka pangigit-igiting nedya males, jaran amiturut. Sanalika satrune mati dening gegamaning manusa. Sawuse mangkono jaran ora nemu kabungahan , awit manusa wus sumurup , yen becik gawene, kena ditunggangi, sarta digawa perang. Iya bener jaran wus kelakon males, ananging kadadeyane ora prayoga, amarga jaran mau lestari dietrapi kendhali cangkeme, sarta dipek gawene marang manusa kongsi turun – tumurun.
Liding dongeng mangkene : Wong arep urip dhewe yen kambah ing pangerang-erang , akeh kang thukul sedyane , ngigit-igit ing pamales, ananging ing samangsa anjurungi ing sedyane , asring anyandhang aboting dhendhane.

Tegese tembung :
kaburak    = digusah, digurak
kelar         = rampung, kuwat
prayoga    = becik
anjurungi   = nayogyani, mupakati, nyumbang.
dhendha   = 1. gada, penthung 2. dhuwit kang kudu dibayar minangka paukuma
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/menjangan-jaran-lan-uwong.html

Dongeng Atau Cerita Sapi Kuwuk Buntut Buntung Dalam Bahasa Jawa

Ana kuwuk ambeg julig, saking kurang wiweka buntute kena ing piranti. Kapriye saiki akale si ama pitik, amurih uwale saka kasangsaya. Ora suwe ,ing pamikire, buntute banjur cinakot enggal, anuli lumayu manjing ing alas marang enggone panunggalane.
Iku diundangi padha dikalumpukake , tembunge : “He, sadulur-sadulurku kabeh, kowe wus padha karep sumurup , yen kawruh sarta taberiku mung tansah amurih kaslametanmu. Aku bakal anglairake prakara becik siji manehmarang kowe, angungkuli panemuku kang uwis, wadine mangkene:”buntutmu padha cakoten sing nganti tugel, amesthi bakal andadekake pakolehmu. Ngandela ing aku. Buntutmu angalan-alani awakmu. Yen ginawe lumayu angribedi sarta nyayahake, ginawe lumumpat ngebot-eboti tuwin ngrikuhake, apa dene anjejodheri . Mara, aku tirunen , buntutmu padha cakotana sing nganti tugel.”
Panunggalane ora ana sing miturut, buntut peparinging pepesthen diisihake , sarta padha nyenyampahi  ing pamuruke akeh-akeh , kang memanisi mau, apa dene angerang-erang ing buntunge.
Liding dongeng mangkene : Ing alam donya ora kurang pitutur, kang metu saka ing pamrih.

Tegese tembung :
Angalan-alani                     =kang njalari ala.
Anjejodheri                        = marahi kawiyak wadine.
Julig                                   = pinter nidakake piala.
Kawruh                              = apa-apa kang diweruhi
Memanisi                           = marakake manis
Ngrikuhake                        = marakake rikuh, marakake kidhung, ngisin-isini
Nyayahake                        = marakake sayah (kesel)
Nyenyampahi                    = moyoki, maoni.
Pamrih                               = tujuan murih, kamelikan.
Pamuruke                          = anggone muruk, anggone mulang.
Piranti                                = prabot, alat, guna bisa
Dipiranteni                         = dicawisi, dicepaki
Taberi                                = sregep sarta tlaten.
Wadine                              = dikeker, ora diwedharake marang liyan, rahasia.
Wiweka                                       = pangati-ati
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kuwuk-buntung-buntute.html

Dongeng Atau Cerita Kethek Lan Woh Sarangan Dalam Bahasa Jawa

Ana kethek siji, cukat colot – colotan ing suketan, nemu woh sarangan siji isih ana klokopane. Enggal lungguh banjur dikrakoti, murih ilanging klokopane, kenaa dipangan isine kang enak . ananging sarehne untune cilik – cilik, rekasa anggone ngonceki, bareng nandhes ing cangkok, panyakote rada mrengut.

Panunggalane sasuwene ngawasake, nuli anguwuh semu ngerang-erang : “ He, gentho cilik, mangsa bisaa kalakon gawemu, rembugku, uwisana. “
Ananging ciptane kang diuwuh, yen daktemeni murih ilanging klokopan lan cangkoke, iba legine isine.
Pangerang –erange panunggalane mau ora dipaelu, meksa nemen anggone nyakoti. Ora antara suwe pagaweane uwis, netepi pangarep – arepe, sarta andadekake bungahe isine putih lan isih becik , banjur dipangan mesthi legi rasane, awit wus nglakoni kangelane.
Eliding dongeng mangkene : mungguh wong mbudi kawruh iya mangkono uga, wiwitane angel. Nanging yen ditabereni ing pamarsudi, pakolehe agawe kabegjan.


Tegese tembung :
mrengut = ora bening polatane (rada nepsu)
nandhes = nganti jero tumamane, tekan ing dhasar.
ngerang-erang = nacad, maido
panunggalane = tunggale
gentho = bangsat, bajingan.
dipaelu = digatekake, diturut.
uwuh = rereged kayadene godhong
diuwuh-uwuhi = diceluk, diundang kanthi swara seru.
mbudi kawruh = ngudi kawruh, golek ngelmu.
taberi = sregep sarta tlaten.
marsudi = nggegulang supaya bisa, ngudi.

Sumber : http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kethek-lan-woh-sarangan.html

Dongeng Atau Cerita Sapi Lanang Lan Singo Barong Dalam Bahasa Jawa

Ana sapi lanang papat , antara lawas padha ayem mangan nunggal sapangonan, sarta padha rukun nulak upayaning satrune kang luwih rosa, yaiku singabarong kang ngenggoni alas cedhak pangonan mau.
Luwene banget sarta wus lawas anggone ndingkik memangsane kang padha lemu-lemu, ananging saben-saben ngaton nedya nubruk, kanggek dening sapi papat mau isih padha ngumpul, dadi tansah klinteran, ngarep-arep pisahe, awit ora kelar nyembadani sapi papat.

Ananging pangarahe tanpa wekas , mitra papat kang rukun mau tansah angisab-isab marang pangigit - igiting singabarong.
Sarehning kerep kacuwan, meh nedya murungake karepe, ananging ora antara lawas, pangarahe salin salaga, awit sapi papat kang maune tansah rukun, andadekake ing kaslametane , wasana padha crah, amarga dening sulaya remeh, kang ora antara lawas nukulake ewa lan gething, dadi ora gelem kekumpulan maneh, mblayang dhewe-dhewe adoh parane.
Singabarong tumuli weruh yen prakarane wis salin salaga, rumangsa bungah karo ndilati brengose, sapi papat mau genti-genti dimangsa.
Eliding dongeng mangkene : dongeng iki kena dadi wewulang, nuduhake pakolehe wong rukun, sarta gempaling kaslametan kang marga dening ecrah.

Tegese tembung :
satru = 1. arane panganan sing digawe saka glepung kacang ijo 2. Mungsuh
satru munggeng cangklakan = mungsuh sing cedhak (isih sanak sadulur)
satru ati (satru manah) = memungsuhan batin (butarepan, rebutan wong wadon lsp)
satru batin (satru batos) = satru sing ora ketara.
satru bebuyutan = mungsuh sing turun temurun.
satru manengah = sabarang prakara sing nganggo memungsuhan.
memangsan = apa-apa kang dimangsa.
kanggek = kandheg, ora bisa terus.
kelar = 1. kuwawa, kuwat, bisa nindakake 2. rampung
sembada = 1. sarwa kecukupan 2. cocog, patut, pantes 3. rada sugih, kecukupan.
disembadani = 1. disentosani (dicukupi kaperluane) 2. ditanggulangi, dilawan 3. dituruti, dileksanani.
ngisab – isab = ngisin – isinake, mirang-mirangake.
ngigit – igit = muring banget sarta ngincim – incim.
kacuwan = ora keturutan karepe, ora lega.
salin salaga = malik grembyang
sulaya = geseh, ora cocog
mblayang = lunga menyang ngendi-endi.
pakoleh = 1. oleh-olehane 2. ana gunane 3. mapan banget 4. oleh.
crah = 1. rengka, pecah 2. Pasulayan
wekas = 1. wasana, pungkasan 2. weling, welingan
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/sapi-lanang-lan-singo-barong.html

Dongeng Atau Cerita Wong Deso Lan Manuk Gagak Dalam Bahasa Jawa



Ana manuk cangak siji, saka kurang wiwekane alelungan bebarengan manuk akeh,. kang amung anglakoni panggawe ala. Ora antara suwe padha kena ing jaring pasangane wong desa. Ing nalika padha getun sarta kedhuwung.
Wong desa bungah ndeleng manuk kang dadi ama kena ing jaring, banjur dicekeli saka ing siji-siji. Awit dening nepsune padha dipuntiri gulune, padha muni pating cruwet ora diwelasi. Bareng cangak arep dipuntir gulune, banjur celathu: “Dhuh , kula mugi sampeyan  sanesaken, pantes kaapunten. Kula boten nate tumut-tumut anglampahi pandamelan awon kaliyan peksi ama punika. Malah kula angicalaken amaning sabin, sarta kathah kautaman kula.
Wong desa amangsuli : “ Tanpa gawe panalangsan sambatmu. Sarehne kowe ketemu nunggal manuk iku, dadi tetep kena ing panggrayang ala. Ora kena ora ,kowe dakilokake ing dosane. “
Cangak anuli dipuntir gulune.
Liding dongenge mangkene : Kajene wong urip iku sayektine mawa-mawa pakumpulane.
Tegese tembung :

manuk cangak   = manuk bangsane blekok.
wiweka                = pangati-ati.
getun                    = keduwung marga kelangan lsp.
keduwung          = getun
ama                       = 1. sarupane kang gawe rusaking tanduran.
sanesaken          = dhewekake.
tanpa gawe        = tanpa guna.
panggrayang      = 1. pangrasa nalika nggrayang   2. pandakwa ala.
kajen                     = diurmati.
mawa-mawa      = miturut kahanane.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/wong-desa-lan-manuk-cangak.html

Dongeng Atau Cerita Wong Wadon Lan Macan Tutul Dalam Bahasa Jawa

Ana wong wadon, duwe anak isih cilik , tansah nangis bae,. sumedya kapurih menenga calathune : “ Heh, bocah mbeler, yen ora meneng- meneng tangismu, aku bakal takon marang macan tutul,. Apa arepa ing kowe. Aku ora betah ngrungokake tangismu.”

Ing nailka calathu mangkono, ana macan tutul golek memangsan, liwat cedhak ing omahe, sarta angrungu calathune mau. Banjur nginjen saka ing lawang , ciptane :” Lha begja kemayangan,. bocah iku dadi ganyanganku. Sajeg ayake aku durung mangan enak kaya mengko. Sanajan biyunge muring-muring, mangsa maria tangise. Dene yen netepi ujar e bocah gemblep kuwe mesthi dadi duwekku. Prayogane aku ngenteni ing kene bae.”
Antara suwe bocah ora karungu swarane, nanging nuli seru nangis maneh kaya kang wis. Biyunge celathu maneh : “ Eman anakku, bok wis menenga , aku njaluk ambung sasengokan. Ora-orane kowe dakwenenhake marang macan tutul. “
Ciptane macan tutul : “O, lha, salin salaga. dak entenana dikongsi suwe, mangsa anaa jebule. Saiki aku oleh wewulang, calathu kang kaya ujare wong wadon iku ora kena kapesthekake. Ing ngarep anake diincim-incim, saiki diambung.”
Liding dongenge mangkene : Saguh lan anuhoni kasaguhan iku banget banget sulayane.

Tegese tembung :

tuwin = sarta, lan
kapurih = dipurih, diarah, dipamrih, diudi.
mbeler = 1. ngglidhig banget (tumrap bocah) 2. mlincur tumrap pegaweyan.
betah = 1. kuwat nganti suwe 2. butuh.
begja = lelakon kang maremake ati.
begja kemayangan = begja banget.
ganyangan = mangan apa-apa sing isih mentah.
ayake = 1. mesthine 2. patute.
gemblep = lemu kandel tumrap rai.
salin salaga = malih grembyang
dikongsi = nganti
ana jebule = ana pungkasane, ana nyatane.
anuhoni = netepi, nggugu. 
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/wong-wadon-lan-anake-isih-cilik-tuwin.html