Kamis, 12 April 2012

Dongeng Atau Cerita Kethek Lan Woh Sarangan Dalam Bahasa Jawa

Ana kethek siji, cukat colot – colotan ing suketan, nemu woh sarangan siji isih ana klokopane. Enggal lungguh banjur dikrakoti, murih ilanging klokopane, kenaa dipangan isine kang enak . ananging sarehne untune cilik – cilik, rekasa anggone ngonceki, bareng nandhes ing cangkok, panyakote rada mrengut.

Panunggalane sasuwene ngawasake, nuli anguwuh semu ngerang-erang : “ He, gentho cilik, mangsa bisaa kalakon gawemu, rembugku, uwisana. “
Ananging ciptane kang diuwuh, yen daktemeni murih ilanging klokopan lan cangkoke, iba legine isine.
Pangerang –erange panunggalane mau ora dipaelu, meksa nemen anggone nyakoti. Ora antara suwe pagaweane uwis, netepi pangarep – arepe, sarta andadekake bungahe isine putih lan isih becik , banjur dipangan mesthi legi rasane, awit wus nglakoni kangelane.
Eliding dongeng mangkene : mungguh wong mbudi kawruh iya mangkono uga, wiwitane angel. Nanging yen ditabereni ing pamarsudi, pakolehe agawe kabegjan.


Tegese tembung :
mrengut = ora bening polatane (rada nepsu)
nandhes = nganti jero tumamane, tekan ing dhasar.
ngerang-erang = nacad, maido
panunggalane = tunggale
gentho = bangsat, bajingan.
dipaelu = digatekake, diturut.
uwuh = rereged kayadene godhong
diuwuh-uwuhi = diceluk, diundang kanthi swara seru.
mbudi kawruh = ngudi kawruh, golek ngelmu.
taberi = sregep sarta tlaten.
marsudi = nggegulang supaya bisa, ngudi.

Sumber : http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kethek-lan-woh-sarangan.html

Dongeng Atau Cerita Sapi Lanang Lan Singo Barong Dalam Bahasa Jawa

Ana sapi lanang papat , antara lawas padha ayem mangan nunggal sapangonan, sarta padha rukun nulak upayaning satrune kang luwih rosa, yaiku singabarong kang ngenggoni alas cedhak pangonan mau.
Luwene banget sarta wus lawas anggone ndingkik memangsane kang padha lemu-lemu, ananging saben-saben ngaton nedya nubruk, kanggek dening sapi papat mau isih padha ngumpul, dadi tansah klinteran, ngarep-arep pisahe, awit ora kelar nyembadani sapi papat.

Ananging pangarahe tanpa wekas , mitra papat kang rukun mau tansah angisab-isab marang pangigit - igiting singabarong.
Sarehning kerep kacuwan, meh nedya murungake karepe, ananging ora antara lawas, pangarahe salin salaga, awit sapi papat kang maune tansah rukun, andadekake ing kaslametane , wasana padha crah, amarga dening sulaya remeh, kang ora antara lawas nukulake ewa lan gething, dadi ora gelem kekumpulan maneh, mblayang dhewe-dhewe adoh parane.
Singabarong tumuli weruh yen prakarane wis salin salaga, rumangsa bungah karo ndilati brengose, sapi papat mau genti-genti dimangsa.
Eliding dongeng mangkene : dongeng iki kena dadi wewulang, nuduhake pakolehe wong rukun, sarta gempaling kaslametan kang marga dening ecrah.

Tegese tembung :
satru = 1. arane panganan sing digawe saka glepung kacang ijo 2. Mungsuh
satru munggeng cangklakan = mungsuh sing cedhak (isih sanak sadulur)
satru ati (satru manah) = memungsuhan batin (butarepan, rebutan wong wadon lsp)
satru batin (satru batos) = satru sing ora ketara.
satru bebuyutan = mungsuh sing turun temurun.
satru manengah = sabarang prakara sing nganggo memungsuhan.
memangsan = apa-apa kang dimangsa.
kanggek = kandheg, ora bisa terus.
kelar = 1. kuwawa, kuwat, bisa nindakake 2. rampung
sembada = 1. sarwa kecukupan 2. cocog, patut, pantes 3. rada sugih, kecukupan.
disembadani = 1. disentosani (dicukupi kaperluane) 2. ditanggulangi, dilawan 3. dituruti, dileksanani.
ngisab – isab = ngisin – isinake, mirang-mirangake.
ngigit – igit = muring banget sarta ngincim – incim.
kacuwan = ora keturutan karepe, ora lega.
salin salaga = malik grembyang
sulaya = geseh, ora cocog
mblayang = lunga menyang ngendi-endi.
pakoleh = 1. oleh-olehane 2. ana gunane 3. mapan banget 4. oleh.
crah = 1. rengka, pecah 2. Pasulayan
wekas = 1. wasana, pungkasan 2. weling, welingan
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/sapi-lanang-lan-singo-barong.html

Dongeng Atau Cerita Wong Deso Lan Manuk Gagak Dalam Bahasa Jawa



Ana manuk cangak siji, saka kurang wiwekane alelungan bebarengan manuk akeh,. kang amung anglakoni panggawe ala. Ora antara suwe padha kena ing jaring pasangane wong desa. Ing nalika padha getun sarta kedhuwung.
Wong desa bungah ndeleng manuk kang dadi ama kena ing jaring, banjur dicekeli saka ing siji-siji. Awit dening nepsune padha dipuntiri gulune, padha muni pating cruwet ora diwelasi. Bareng cangak arep dipuntir gulune, banjur celathu: “Dhuh , kula mugi sampeyan  sanesaken, pantes kaapunten. Kula boten nate tumut-tumut anglampahi pandamelan awon kaliyan peksi ama punika. Malah kula angicalaken amaning sabin, sarta kathah kautaman kula.
Wong desa amangsuli : “ Tanpa gawe panalangsan sambatmu. Sarehne kowe ketemu nunggal manuk iku, dadi tetep kena ing panggrayang ala. Ora kena ora ,kowe dakilokake ing dosane. “
Cangak anuli dipuntir gulune.
Liding dongenge mangkene : Kajene wong urip iku sayektine mawa-mawa pakumpulane.
Tegese tembung :

manuk cangak   = manuk bangsane blekok.
wiweka                = pangati-ati.
getun                    = keduwung marga kelangan lsp.
keduwung          = getun
ama                       = 1. sarupane kang gawe rusaking tanduran.
sanesaken          = dhewekake.
tanpa gawe        = tanpa guna.
panggrayang      = 1. pangrasa nalika nggrayang   2. pandakwa ala.
kajen                     = diurmati.
mawa-mawa      = miturut kahanane.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/wong-desa-lan-manuk-cangak.html

Dongeng Atau Cerita Wong Wadon Lan Macan Tutul Dalam Bahasa Jawa

Ana wong wadon, duwe anak isih cilik , tansah nangis bae,. sumedya kapurih menenga calathune : “ Heh, bocah mbeler, yen ora meneng- meneng tangismu, aku bakal takon marang macan tutul,. Apa arepa ing kowe. Aku ora betah ngrungokake tangismu.”

Ing nailka calathu mangkono, ana macan tutul golek memangsan, liwat cedhak ing omahe, sarta angrungu calathune mau. Banjur nginjen saka ing lawang , ciptane :” Lha begja kemayangan,. bocah iku dadi ganyanganku. Sajeg ayake aku durung mangan enak kaya mengko. Sanajan biyunge muring-muring, mangsa maria tangise. Dene yen netepi ujar e bocah gemblep kuwe mesthi dadi duwekku. Prayogane aku ngenteni ing kene bae.”
Antara suwe bocah ora karungu swarane, nanging nuli seru nangis maneh kaya kang wis. Biyunge celathu maneh : “ Eman anakku, bok wis menenga , aku njaluk ambung sasengokan. Ora-orane kowe dakwenenhake marang macan tutul. “
Ciptane macan tutul : “O, lha, salin salaga. dak entenana dikongsi suwe, mangsa anaa jebule. Saiki aku oleh wewulang, calathu kang kaya ujare wong wadon iku ora kena kapesthekake. Ing ngarep anake diincim-incim, saiki diambung.”
Liding dongenge mangkene : Saguh lan anuhoni kasaguhan iku banget banget sulayane.

Tegese tembung :

tuwin = sarta, lan
kapurih = dipurih, diarah, dipamrih, diudi.
mbeler = 1. ngglidhig banget (tumrap bocah) 2. mlincur tumrap pegaweyan.
betah = 1. kuwat nganti suwe 2. butuh.
begja = lelakon kang maremake ati.
begja kemayangan = begja banget.
ganyangan = mangan apa-apa sing isih mentah.
ayake = 1. mesthine 2. patute.
gemblep = lemu kandel tumrap rai.
salin salaga = malih grembyang
dikongsi = nganti
ana jebule = ana pungkasane, ana nyatane.
anuhoni = netepi, nggugu. 
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/wong-wadon-lan-anake-isih-cilik-tuwin.html

Dongeng Atau Cerita Asu Ajag Lan Wedhus Dalam Bahasa Jawa


Ana wedhus lanang berok siji banget kasatan, nyemplung ing luwengan kang ana banyune. Anuli ana asu ajag siji , iya kasatan arep ngombe, enggal nututi melu nyemplung. Sawuse padha arep ngombe, banget ing bungahe, ananging bareng arep metu, padha ilang kabungahane sanalika, awit karone ora bisa mancolot metu saka ing luwengan. Saking getere, wedhus lanang muni  seru, sebute :
“Dhuh, kapriye saiki mungguh ing pratingkah. Asu ajag ing sawatara meneng bae, wasana calathune : “ Aku wus nemu akal tuwin sarat, kang bisa mitulungi aku lan kowe. Dienggal ngadeg. Sikilmu ngarep pancadna iringing luweng an dikukuh. Kepriye ki sanak , apa kowe wis ngerti, aku nuli munggah ing githokmu, gampang banjur mancolot metu.
Sawuse mangkono , mung kari gaweyan sapele, sarana kuwating untuku aku bisa tetulung ngentas kowe. Wedhus lanang ngrujuki. Bareng wus ngadeg, asu ajag celathu : “ Wedhus, dikukuh”.
Anuli munggah ing githok, banjur mancolot metu. Sawuse mentas, ora pisan nedya nulungi kancane. Malah angerang-erang , celathune : “ O, gemblung kang jenggot dawa, besuk maneh aja ngandel ujare sakehing asu ajag, saiki tampanana wewulangku, bok manawa ing tembe kanggo : “Sadurunge nyemplung ing luwengan , pikiren dhisik , kapriye olehmu bakal mentas.”
Liding dongeng mangkene : Ewaa marang alane asu ajag, nanging wewulange eling-elingen. Samubarang pratingkah, sadurunge kolekasi, pikiren dhisik.
Tegese tembung :

kasatan                = ngelak, ora oleh banyu, kentekan banyu
luwengan            = sumuran jero
getere                  = kuwatir
mungguh             = patut, pantes
sarat                      = sarana
dienggal               = supaya enggal
pancadna            = njejakna
iring luweng       = gampenge luweng
dikukuh                = sing kukuh, sing kuwat
angerang-erang = nacad, maido
gemblung            = gendheng, edan
ing tembe           = ing sing arep teka
ewa                       = ora seneng
kolekasi                = kowiwiti
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/asu-ajag-lan-wedhus-berok.html

Dongeng Atau Cerita Manuk Garudha Lan Gagak Dalam Bahasa Jawa



Ana manuk garudha , kang cakare medeni, niyup nyamber cempe kang lagi mangan, dicangkerem banjur digawa  mumbul ing awang-awang, nedya dimangsa. Ora adoh saka ing panggonan kono ana manuk gagak siji bodho, sumurup kaprawiraning  garudha.

Ciptane : “Digdaya temen, ewa dene akun wani totohan, ing sanalika iki uga aku bisa anggondhol wedhus kaya dheweke.  Sanajan aku cilika, cakarku ora kuciwa.” Kaya mangkono ciptaning gagak, ora ana maneh.  Jujul dening angen-angen banjur niyup, nyamber cempe, kaya pratingkahe  garudha mau. Anyengkerem ing wulune kang gembel. Ananging banget ing kuranging karosan, cakare kukuh kagubed ing wulu. Banjur nalangsa ing pratingkah, awit kang angon wedhus marani. Gagak dicekel karo muring-muring , elaring suwiwine dikethoki karo pisan, banjur diwenehake anak-anake, digawe dolanan. Awit dening disiya-siya ora suwe mati.
Liding dongeng mangkene : Sing sapa tanpa pikir ngandelake karosane dhewe, iku kerep tumiba ing tiwas.

Tegese tembung :

Awang-awang = langit
Nedya = arep
Kaprawiran = kekendelan
Digdaya = menangan, sekti
Kuciwa = 1. Kalah             2. Cacad, ana cacade       3. Kurang saka sapantese.
Jujul = 1. ora sedheng    2. Susuk               3. Kebak.
Gembel = ketel
Nalangsa = ngrumangsani apese lelakon, nggetuni barang sing wis-wis.
Tiwas = 1. nemahi kacilakan    2. ora kebeneran.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/manuk-garudha-lan-gagak.html

Dongeng Atau Cerita Kuldi Dimomoti Jaran Dalam Bahasa Jawa



Ana kuldi dimomoti akeh, lumaku bebarengan jaran gedhe atine sarta legeh. Pangucaping kuldi : “Dhuh, sangsara banget  pepesthening awakku, saking aboting gawanku pangrasa kaya  penyet-penyeta. Jaran mitraku, sarehne kowe iku rosa banget, aku duwe panjaluk, mayarna sajroning kasusahanku, rewangana nggawa gegawanku ana rong bontot bae. Dhuh, welasa ing pasambatku. Yen ora mangkono, mesthi aku ambruk mati ana ing dalan. “

Jaranmangsuli : “ Satemene aku ora nyana, yen kowe duwe panjaluk kaya mangkono marang aku. Kuping dawa , kowe iku tukon, pepesthenmu jaga momotan. Bangsaku luwih becik, mulane aku colat-colot mubeng , ora ana kang munasika.”
Ora antara suwe, bareng padha lumaku oleh seket tindak, kuldi kabotan momotan ambruk banjur mati. Jaran kang ora maelu marang panjaluking kuldi tumuli kedhuwung, amarga ora nglakoni wajibe, awit kang anggirekake ngelih momotaning kuldi marang jaran, kang maune bigar sarta legeh. Malah-malah kuldi kang mati banjur dikeleti, walulange diwuwuhake ing momotane.
Liding dongeng mangkene : Sing sapa dijaluki tulung anampik, iku asring kabubuhan pepikulan luwih abot.
Tegese tembung :

kuldi                      = arane kewan jinise jaran cilik.
gedhe atine        = bombong, seneng
legeh                     = tanpa momotan, mlaku tanpa gawan
mayarna              = enthengna
rong bontot        = rong buntelan.
tukon                    = batur tukon, budak belian (bi)
pepesthen          = nasib, takdir.
munasika             = nyikara, nganggu gawe.
seket tindak       = seket jangkah
kedhuwung        = getun
nglakoni wajibe = nindakake wajib
angirekake          = ngatag akon tumandang.
dikeleti                                 = ditemplekake.
kebubuhan         = kawuwuhan, katambahan.
pepikulan            = sanggan
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kuldi-di-momoti-jaran.html