Kamis, 12 April 2012

Dongeng Atau Cerita Asu Ajag Lan Wedhus Dalam Bahasa Jawa


Ana wedhus lanang berok siji banget kasatan, nyemplung ing luwengan kang ana banyune. Anuli ana asu ajag siji , iya kasatan arep ngombe, enggal nututi melu nyemplung. Sawuse padha arep ngombe, banget ing bungahe, ananging bareng arep metu, padha ilang kabungahane sanalika, awit karone ora bisa mancolot metu saka ing luwengan. Saking getere, wedhus lanang muni  seru, sebute :
“Dhuh, kapriye saiki mungguh ing pratingkah. Asu ajag ing sawatara meneng bae, wasana calathune : “ Aku wus nemu akal tuwin sarat, kang bisa mitulungi aku lan kowe. Dienggal ngadeg. Sikilmu ngarep pancadna iringing luweng an dikukuh. Kepriye ki sanak , apa kowe wis ngerti, aku nuli munggah ing githokmu, gampang banjur mancolot metu.
Sawuse mangkono , mung kari gaweyan sapele, sarana kuwating untuku aku bisa tetulung ngentas kowe. Wedhus lanang ngrujuki. Bareng wus ngadeg, asu ajag celathu : “ Wedhus, dikukuh”.
Anuli munggah ing githok, banjur mancolot metu. Sawuse mentas, ora pisan nedya nulungi kancane. Malah angerang-erang , celathune : “ O, gemblung kang jenggot dawa, besuk maneh aja ngandel ujare sakehing asu ajag, saiki tampanana wewulangku, bok manawa ing tembe kanggo : “Sadurunge nyemplung ing luwengan , pikiren dhisik , kapriye olehmu bakal mentas.”
Liding dongeng mangkene : Ewaa marang alane asu ajag, nanging wewulange eling-elingen. Samubarang pratingkah, sadurunge kolekasi, pikiren dhisik.
Tegese tembung :

kasatan                = ngelak, ora oleh banyu, kentekan banyu
luwengan            = sumuran jero
getere                  = kuwatir
mungguh             = patut, pantes
sarat                      = sarana
dienggal               = supaya enggal
pancadna            = njejakna
iring luweng       = gampenge luweng
dikukuh                = sing kukuh, sing kuwat
angerang-erang = nacad, maido
gemblung            = gendheng, edan
ing tembe           = ing sing arep teka
ewa                       = ora seneng
kolekasi                = kowiwiti
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/asu-ajag-lan-wedhus-berok.html

Dongeng Atau Cerita Manuk Garudha Lan Gagak Dalam Bahasa Jawa



Ana manuk garudha , kang cakare medeni, niyup nyamber cempe kang lagi mangan, dicangkerem banjur digawa  mumbul ing awang-awang, nedya dimangsa. Ora adoh saka ing panggonan kono ana manuk gagak siji bodho, sumurup kaprawiraning  garudha.

Ciptane : “Digdaya temen, ewa dene akun wani totohan, ing sanalika iki uga aku bisa anggondhol wedhus kaya dheweke.  Sanajan aku cilika, cakarku ora kuciwa.” Kaya mangkono ciptaning gagak, ora ana maneh.  Jujul dening angen-angen banjur niyup, nyamber cempe, kaya pratingkahe  garudha mau. Anyengkerem ing wulune kang gembel. Ananging banget ing kuranging karosan, cakare kukuh kagubed ing wulu. Banjur nalangsa ing pratingkah, awit kang angon wedhus marani. Gagak dicekel karo muring-muring , elaring suwiwine dikethoki karo pisan, banjur diwenehake anak-anake, digawe dolanan. Awit dening disiya-siya ora suwe mati.
Liding dongeng mangkene : Sing sapa tanpa pikir ngandelake karosane dhewe, iku kerep tumiba ing tiwas.

Tegese tembung :

Awang-awang = langit
Nedya = arep
Kaprawiran = kekendelan
Digdaya = menangan, sekti
Kuciwa = 1. Kalah             2. Cacad, ana cacade       3. Kurang saka sapantese.
Jujul = 1. ora sedheng    2. Susuk               3. Kebak.
Gembel = ketel
Nalangsa = ngrumangsani apese lelakon, nggetuni barang sing wis-wis.
Tiwas = 1. nemahi kacilakan    2. ora kebeneran.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/manuk-garudha-lan-gagak.html

Dongeng Atau Cerita Kuldi Dimomoti Jaran Dalam Bahasa Jawa



Ana kuldi dimomoti akeh, lumaku bebarengan jaran gedhe atine sarta legeh. Pangucaping kuldi : “Dhuh, sangsara banget  pepesthening awakku, saking aboting gawanku pangrasa kaya  penyet-penyeta. Jaran mitraku, sarehne kowe iku rosa banget, aku duwe panjaluk, mayarna sajroning kasusahanku, rewangana nggawa gegawanku ana rong bontot bae. Dhuh, welasa ing pasambatku. Yen ora mangkono, mesthi aku ambruk mati ana ing dalan. “

Jaranmangsuli : “ Satemene aku ora nyana, yen kowe duwe panjaluk kaya mangkono marang aku. Kuping dawa , kowe iku tukon, pepesthenmu jaga momotan. Bangsaku luwih becik, mulane aku colat-colot mubeng , ora ana kang munasika.”
Ora antara suwe, bareng padha lumaku oleh seket tindak, kuldi kabotan momotan ambruk banjur mati. Jaran kang ora maelu marang panjaluking kuldi tumuli kedhuwung, amarga ora nglakoni wajibe, awit kang anggirekake ngelih momotaning kuldi marang jaran, kang maune bigar sarta legeh. Malah-malah kuldi kang mati banjur dikeleti, walulange diwuwuhake ing momotane.
Liding dongeng mangkene : Sing sapa dijaluki tulung anampik, iku asring kabubuhan pepikulan luwih abot.
Tegese tembung :

kuldi                      = arane kewan jinise jaran cilik.
gedhe atine        = bombong, seneng
legeh                     = tanpa momotan, mlaku tanpa gawan
mayarna              = enthengna
rong bontot        = rong buntelan.
tukon                    = batur tukon, budak belian (bi)
pepesthen          = nasib, takdir.
munasika             = nyikara, nganggu gawe.
seket tindak       = seket jangkah
kedhuwung        = getun
nglakoni wajibe = nindakake wajib
angirekake          = ngatag akon tumandang.
dikeleti                                 = ditemplekake.
kebubuhan         = kawuwuhan, katambahan.
pepikulan            = sanggan
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kuldi-di-momoti-jaran.html

Dongeng Atau Cerita Bulus Lan Bango Dalam Bahasa Jawa

Mangkana kaprungu gunemane bulus lanang lan wadon ing pinggiring talaga Kumudawati. Kewan sajodho kuwi sambat marang kahanan mangsa katiga sing ora rampung-rampung. Kaya-kaya taun iki mangsa rendheng ora bakal tumeka. Kamangka, ing padatan, mangsa katiga kuwi lumakune ya mung ora suwe-suwe kaya kang dumadi nembe-nembe iki.

Kocap, talaga Kumudawati iku sawijining talaga kang ana sangisore gunung Himawan ing tlatah nagara Kartaraharja. Talaga kang endah edi peni, ora ana sawijining talaga kang saemper kaya talaga Kumudawati. Banyune sing ana talaga kuwi katon kimplah-kimplah nengsemake. Yen ta tumuju sinorot prabaning sang surya, katon cumlorot kaya rebutan laku, padha ngetokake sunare sing kaya srengenge. Banyune banget beninge. Saingga apa kang ana ing dhasare talaga Kumudawati, bakal katon cetha wela-wela kaya ora ana banyune. Iwak-iwak sing padha lumaku jejogedan angrengkuh segering banyu ana ing talaga iku dadi bisa diweruhi dening mata manungsa apadene sato kewan sing lagi liwat kono. Ana pojok-pojoking talaga iku uga bisa katonton tetanduran trate sing kembange banget nengsemake ati. Ana sing putih, abang, apamaneh biru. 
Kembang trate kang nambahi asrining sesawangan iku tansah dikupengi dening tawon-tawon kang brengengeng tanpa kendhat arsa arep mencok ing kembang sing ayu-ayu iku. Nanging sajake tawon-tawon iku ora lila yen sikile midak kekembangan. Jalaran wedi yen tumekane dheweke bakal ngrusak ayune kembang. Mula tawon-tawon mung mabur wira-wiri ana sakupenge kembang trate sing warnane macem-macem iku.  Trate iku uga dadi papane para kodhok yen lagi nuju wanci udan. Godhonge trate sing amba-amba, sok dadi papane para kodhok adu kawasisan nembangake tembang klangenane sing padatan mung kawetokake yen mudhun banyu saka langit. Thung thot thung thot thung thot! Gonta-ganti sineling-seling.
Sawijining sato kewan sing manggon aneng talaga Kumudawati iku ana sing jenenge Pak Bulus karo Bu Bulus. Wis suwe anggone Pak Bulus karo Bu Bulus manggon ana ing talaga iku. Manut apa kang tau dikandhakake dening bapak ibune Pak Bulus karo Bu Bulus, kulawargane iku wis manggon ana kono awit jaman talaga iku ana. Malah kapara biyen kulawarga bulus iku dadi warga pisanan ing talaga iku. Mulane ora aneh yen kabeh sato kewan sing arep manggon ana kono kudu njaluk idi palilah sik marang Pak Bulus lan Bu Bulus. Dadi pancen saka simbah buyute biyen, Pak Bulus karo Bu Bulus iku sing mbaureksa ana talaga Kumudawati.
Wis dadi kodrate kewan sing jenenge bulus, yaiku kudu urip neng panggonan sing kimplah-kimplah banyune. Mula, kahanan sing dumadi nembe-nembe iki njalari atine Pak Bulus karo Bu Bulus dadi sumelang. Mangsa katiga sing ora ana mandhege njalari asate talaga Kumudawati. Kahanan talaga Kumudawati wis ora kaya rikala sadurunge mangsa katiga tumurun. Saiki swasana sing adhem ayem tentrem gumanti karo swasana sing panas ngemplak. Kembang trate sing biyen ngrembuyung saiki padha layu. Kembang-kembange padha garing, gogrok dhewe-dhewe ora kuwat katemahan panas sing ora ana enteke. Kewan-kewan uga padha pamitan karo Pak Bulus lan Bu Bulus. Padha arep pindhah menyang papan liya sing sekirane bisa nguripi awake dhewe.
“Pak Bulus. Sampun dados panggalih panjenengan. Keparenga kula kalihan semah kula pindhah dhateng papan sanes. Kula sampun boten kiyat wonten talaga Kumudawati ngriki.” clatune Kodhok lanang karo Pak Bulus.
Siji mbaka siji kabeh kewan sing ana talaga iku pamitan karo Pak Bulus lan Bu Bulus. Suwe-suwe sing ana telaga Kumudawati iku saiki mung kari Pak Bulus lan Bu Bulus thok.
“Piye pak-ne?” pitakone Bu Bulus kanthi luh sing kumembeng ana mripate.
“Arep piye maneh bu-ne. Awake dhewe kuwi wis dipasrahi karo para leluhur supaya ngreksa papan iki. Dadi arep dipriye-priye tanggungjawab iki kudu dilakoni.”
“Lha yen awake dhewe banjur mati priye pak-ne?”
“Tegese kuwi wis dadi pesthine awake dhewe.”
“Huuuu…” pambengoke Bu Bulus.
Nangise Bu Bulus sansaya ndadi. Saya banter. Diarih-arih ben ilang sungkawane karo Pak Bulus malah njalari nangise sansaya ndadra. Nganti kaprungu teka awang-awang. Njalari Pak Bango lan Bu Bango sing lagi mabur ana dhuwure talaga Kumudawati, prelu mudhun kanggo mangerteni seleh prekarane. Mbokmanawa sing neng ngisor iki lelakon kewan sing lagi padu.
“Bu kae rungokna. Ketoke ana sing lagi nangis neng ngisor kae.” guneme Pak Bango.
“Iya pak-ne. Aku ya krungu ana swara tangis sing nrenyuhake. Gek-gek mengko ana wong sing lagi dipiala pak-ne.”
“Ketoke swarane ana ngisor kono. Ayo mabur mudhun bu-ne!”
“Ayo tak dherekake pak-ne.”
Bango loro kuwi banjur mudhun menyang talaga Kumudhawati sing wis asat. Nyedhaki swaraning tangis sing ora liya ya Bu Bulus sing lagi nandhang sumelang. Sumelang yen dheweke bakal mati marga ora kaduman banyu. Sumelang jalaran yen mati saiki, iku ateges darmaning uripe minangka wong tuwa durung sampurna. Sabab dening Gusti Kang Akarya Jagad, Bu Bulus dereng kaparingan putra.
Pak Bango lan Bu Bango wis teka ngarepe Pak Bulus lan Bu Bulus sing lagi padha rerangkulan ngrasakake kahanan neng talaga Kumudawati.
“Kula nuwun Pak Bulus, Bu Bulus.”
“E e e.. Wonten tamu ta. Mangga-mangga Pak Bango. Wonten wigati punapa punika? Ssst! Bu-ne menenga! Gilo ana tamu.”
Bu Bulus banjur meneng. Nanging sisa tangise isih katon. Kaya kasigeg ana ing gulune.
“Punika kula kok mireng wonten swanten piyantun nembe muwun. Mbokbilih kepareng mangertosi. Sejatosipun punapa ta perkawis ingkang sinandhang?”
“Mugi dadosna kawuningan kagem Pak Bango lan Bu Bango. Punika semah kula nembe sumelang nyumerepi kahanan wonten ing talaga Kumudawati ngriki.”
“Lho, sumelang kados pundi ta?”
“Panjenengan rak sampun mirsani piyambak kawontenanipun ing talaga Kumudawati ngriki. Toyanipun asat. Kamangka sampun jamakipun menawi sato awarni bulus kados kula lan semah kula punika mbetahaken toya ingkang kathah supados saged gesang. Cobi panjenengan pirsani sato ingkang awarni ulam punika. Sampun sami pejah sadaya. Sasanesipun punika sedaya sato ingkang mapan wonten ngriki ugi sampun budhal sadaya. Madosi papan sanes ingkang langkung sae. Dados sepen papan punika. Kula badhe nilar papan punika, boten wantun. Jalaran wiwit jaman rumiyin pancen kulawarga kula ingkang kajibah ngreksa papan punika.”
“O, mekaten ta. Mbokmenawi kula kepareng ngaturi pamrayogi kados pundi Pak Bulus?”
“Pamrayogi ingkang kados punapa Pak Bango?”
“Mekaten Pak Bulus. Mungguhipun pamanggih kula inggih panjenengan kekalih kedah pindhah saking papan punika. Jalaran awit sedayanipun sampun boten prayogi malih kagem nglajengaken pagesangan. Sampun ngantos panjenengan kekalih mangke nemahi seda. Punapa malih panjenengan menika rak kagungan jejibahan kangge ngreksa papan punika ta? Saderengipun kula nyuwun pangapunten, mbokmanawi kaladuk atur kula. Punapa panjenengan sampun kagungan putra kagem nglajengaken jejibahan ngreksa papan punika?”
“Kula dereng gadhah anak Pak Bango.”
“Lah rak sampun cetha ta Pak Bulus. Menawi panjenengan taksih panggah badhe tilar wonten ing ngriki, punika tegesipun panjenengan malah nglirwakaken dhawuhipun leluhur panjenengan.”
“Lho kok saged?”
“Saged mawon Pak Bulus. Panjenengan sampun kadhawuhan kangge ngreksa papan punika. Pangajapipun leluhur panjenengan mesthi ugi ngajap menawi putra turun panjenengan ugi ndherek ngreksa papan punika. Tegese mangke kulawarga Pak Bulus ingkang lestantun ngreksa papan punika. Lha, menawi panjenengan panggah tilar wonten ngriki, lajeng mangke seda tanpa nurunaken putra, punika ateges panjenengan nyidrani dhawuhing leluhur panjenengan. Pramila, panjenengan kedah pindhah saking papan punika supados saged nglajengaken jejibahan.”
“Mekaten.” saure Pak Bulus karo manthuk-manthuk.
“Mekaten mawon nggih Pak Bulus. Panjenengan kekalih kula dherekaken tumuju ing talaga Manasasara. Kapinujon kula lan semah kula ugi badhe mrika. Wonten mrika toyanipun taksih kathah. Mugi panjenengan kekalih saged manggen rumiyin wonten ngrika. Mangke menawi talaga Kumudawati ngriki sampun wonten toyanipun lan sampun kados nalika ing nguni, panjenengan kula dherekaken ngriki malih.”
“Kadospundi caranipun?”
“Punika kula tak mendhet kayu. Mangke kula lan semah kula nyokot ing kanan keringipun. Lha panjenengan kalih ingkang garwa mangke nyakot ing tengahipun. Mangke kula dherekaken mabur ing langit. Nanging kula nyuwun janjinipun panjenengan kekalih.”
“Punapa punika Pak Bango?”
“Wonten lelakon punapa kemawon, panjenengan kekalih boten kepareng ngandika punapa-punapa. Kedah kendel lan nyokot kayu kemawon. Kadospundi Pak Bango? Punapa panjenengan nyagahi?”
“Inggih pun mangsa borong. Kula ndherek kemawon.”
Pak Bulus karo Bu Bulus banjur nyakot kayu sing wis dicawisake Pak Bango. Pak Bango lan Bu Bango nyokot kayu kuwi ing kiwa tengene. Banjur mabur tumuju ing talaga Manasasara.
Kocap, nalika teka ana dhuwure alas Dhandhaka, ana macan lanang wadon sing lagi keluwen jalaran durung mangan pirang-pirang dina. Nalika weruh ana bango sing lagi mabur nggawa bulus, banjur tuwuh ada-ada ing ciptane.
“Bu-ne! Kae tontonen ana kewan sing bodhone ora karuwan.” pambengoke macan lanang.
“Priye ta pak-ne?” macan wadon metu saka kandhange.
“Kae delengen. Ana kewan sing bodho banget. Lha wong digawa mabur karo bango arep dipakakke anakke kok gelem tur manut wae.”
“O iya pak-ne. Layak pak-ne. Lha wong bulus. Ya pancen bodho tur gampang diapusi.” guneme macan wadon karo semu bengok ben bisa dirungokke bulus ing awang-awang.
Kaya disebit kupinge bulus nalika krungu dheweke dibodho-bodhokake karo macan sing neng ngisore. Kemropok atine. Saliyane iku, bulus sakloron uga dadi nduweni rasa sujana marang bango. Gek mengko omongane macan bener. Dheweke arep dipakakake kanggo anakke si bango.
Sanalika bulus lali marang kasaguhane sing ora bakal guneman apa-apa yen krungu apa-apa. Bulus sakloron dumadakan misuhi bango sakloron. Pranyata bulus bisa kabujuk dening macan lanang lan wadon.
Tanpa nganggo suwe, marga cangkeme bulus menga kanggo misuhi bango, mula bulus sanalika ucul saka kayu sing dadi cekelane. Bulus sakloron tiba kleyang-kleyang mangisor. Banjur dadi mangsane macan lanang lan wadon.
“Wadhuh. Priye ta Pak Bulus lan Bu Bulus iki. Dipenging aja ngomong apa-apa kok malah dilanggar. Ya wis. Pancen nasibmu dadi mangsane si macan.”
“Iya pak-ne. Ayo bacutna lakune awake dhewe wae.”
Mangkana apa kang dadi kandhaning carita ing donyane para sato kewan.

Sumber : http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/bulus-lan-bango.html

Dongeng Atau Cerita Ulo Badhudhak Lan Landhak Dalam Bahasa Jawa

Ing nalika môngsa adhêming angin, ana ula badhudhak katisên bangêt, mubêng golèk pandhêlikan ora olèh. Wasana katêmu karo landhak kang bêcik kalakuane, anyalathoni mangkene: mêsakake têmên kowe iku, angin iki ora bêcik ingatase awakmu, olèhmu andharodhog kôngsi kaya godhong katêmpuh ing angin, ayo mênyang êrongku, supaya olèha angêt ing sawatara.
 
Calathu mangkono iku anuju karêpe ula badhudhak, banjur enggal nêlosor lumêbu ing êrong. Saking bangêt lêmune, êrong cilik kôngsi kacakan saparone, kang
duwe êrong ora kaduman panggonan. Barêng dayoh kang katisên wus angêt, ora pisan kawêtu calathune awèh panrima tuwin arêp lunga, kaya kang wus dadi patute, malah ngenak-enak ngalêkêr bae. Landhak anuli calathu: saiki wus wêngi, lan wus mangsane kowe lunga. Anamu ing kene sadhela andadèkake bungahku, ananging saiki lungaa, ing besuk-besuk balia manèh, kowe iyo wêruh dhewe, yèn êrong cilik iki sêsak dak ênggonana karo kowe. Ula badhudhak amangsuli: hêm, dadi kowe angira yèn sêsak, satêmêne, êrongmu iki luwih prayoga, wruhanamu kisanak, aku kapenak ana ing kene, lan ora sumêdya lunga, mulane akal-akala golèk panggonan kang jêmbar.
 
Êliding dongèng mangkene: sanajan [sanaja...]

wong gawe kabêcikan kêrêp anêmu wêwalês ala, iya uga aja mèngèng anglakoni panggawe bêcik ing salawase, mung diawas marang wong kang bakal kobêciki.
 
Sumber : http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/ula-badhudhak-lan-landhak.html

Dongeng Atau Cerita Ki Ageng Kedung Sari Dalam Bahasa Jawa


Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.
Banjur kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo digawa menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga rumangsa dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka warna panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi mbeksa. Sawise njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen Ki Ageng Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki Ageng Kedungsari.
Krungu mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen anake wadon kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang arupa gajah, “Mula kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng Rajekwesi.
Pangandikane Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah. Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen lamarane marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng Kedungsari kudu menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane marang anake, dheweke nglilakake gajahe kanggo mas kawin.
Banjur warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging atine serik krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Mula Ki Ageng Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep menyang Jepara. Ki Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu Gede uga seneng banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk hasil rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki Ageng Menawan entuk gajahe.
Ora let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu Gede. Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah kuwasane wong liya.
Nalika utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng Menawan ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki Ageng Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede. Tetandhingan kuwi ora ana sing kalah, ora ana sing menang.
Banjur Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki Watu Gede uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana sing kalah. Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng Menawan enthuk endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk bokong lan buntute.
Saka prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku wong-wong sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine lan trahe Ki Watu Gede yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.
Mula saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa katemokake ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga ana ing Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara.
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/09/ki-ageng-kedungsari.html

Dongeng Atau Cerita Cinderella Dalam Bahasa Jawa



     Ing sawijineng kerajaan, wonten bocah wadon kang elok parase lan becik atine. Deweke mau urip sareng biyung lan kakang-kakang tirine, amargo wong tuane sampun sedo. Ing griya kasebut deweke terus di dawuhi makaryo beresi gawean kang wonten ing griya. Deweke sabendina di dukani lan di paring mangan naming kaping pisan saben dinane. Kakang-kakange kang olo atine wau nimbali “Cinderella”. Cinderella kang artine bocah wadon kang reget. “ Asma kui pancen pantes kaggo koe!’ ngendika kakang-kakange. Dongeng Bahasa Jawa 


      Sawise pirang dino, wonten pengawal kerajaan kang nyebarke serat ulem pesta ing istana. Kabeh wargo dipun diundang. “Asyik….awake dewe arep tindak menyang istana lan dandan kang ayu. Menawi kulo dados putrid raja, biyung musti bungah atine”, ngendikane. Dinten kang ditunggu sampun dugi, kakang tirine Cinderella miwiti dandan karo bungah atine. Cinderella susah sanget amargi mboten angsal tumut kaliyan kakang-kakange ten pesta istana mau. “ Klambi wae sampeyan mboten gadah, nopo sampeyan badhe tindak wonten istana ngengge Klambi koyo kuwi?”, ngendika kakange Cinderella. http://h-e-r-u.blogspot.com/


Sawise kabeh sampun padha budal tindak Istana, Cinderella banjr bali wonten bilikipun. Deweke banjur nangis kang kenceng sanget amargi atine kang kesel sanget. “ kulo mboten saget tindhak wonten istana amargi klambi kulo reget, nanging kulo pengen tindak…..” Mboten dangu wekdalipun krungu sawijineng suara. “ Cinderella, wes ampun nangis ngonten niku.” Nalika Cinderella noleh, deweke banjur mersani sawijining peri. 

    Peri munika banjur mesem. “Cinderella gawakno kewan tikus sekawan lan kadal kaleh cacahe. “ Sawise kabeh mau dipun kumpulke kaleh Cinderella, Peri gowo kewan-kewan mau ten kebon labu wonten wingking griya. “simsalabim!”kaliyan nebar sihire, banjur ono kadadeyan kang aneh”istimewa”. Tikus-tikus mau dadi jaran, lan kadal-kadal mau banjur dadi tiyang. Ingkang pundatan, Cinderella dados putrid kang elok parase, lan ngagem Busana kang becik sanget. Dongeng Bahasa Jawa  



Amargi saking bungahe, Cinderella joget muter-muter karo sepatu kacane koyo kupu-kupu. Peri ngendika, “ Cinderella, Pengaruh sihir iki badhe ilang sawise jam kalehwelas dalu. Amargi kuwi, Baliyo saderenge tengah wengi.”inggih, wangsule Cinderella. Kreta jaran emas banjur langsung mangkat wonten istana. Nalika mlebet, sedanten tiyang ing jero istana mau padha ningali Cinderella. Sedanthen kesemsem dumatheng Cinderella kang elok. “ elok pisan putri menika! Putrid saking pundhi ?” tanglet kabeh poro tamu ing jero istana. Akhire Pangeran banjur nyamperi Cinderella.”Putri kang elok, Sudikah kiranya putri jejogetan kaleh kulo?” ngendikane. “ inggih…., “ ngendikane Cinderella kaliyan maringke tangane lan mesem. Pangeran lan Cinderella banjur jejogetan. Biyung lan kakang-kakang tirine Cinderella seng wonten jero istana menika mboten nyangka menawi Putri kang elok parase menika mboten liya Cinderella.

Pangeran terus jejogetan kaliyan Cinderella.”Tiyang koyo sampeyan niki ingkang kula kasemsemake,” ngendikane Pangeran. Amargi saking bungahe, Cinderella sampe kesupen kaliyan wekdalipun. Wekdal sampun tengah dalu.” Pangapunten Pangeran, kulo kudu wangsul sak menika…,”. Cinderella banjur mlayu ninggalke pesta ing istana. Wonten tangah dalan, sepatune ucul sebelah, nanging Cinderella mboten gatek’aken, deweke nekat mlayu. Pangeran nguber Cinderella nanging cilakane mboten ketemu kaliyan Cinderella, Pangeran namun nemok’ake sepatu kacane Cinderella. Sakwise pangeran nemu sepatu kolowau, pangeran banjur janji nek dewek’e arep madhosi putrid kang anggadahi sepatu kaca seng sebelahipun mbanjur di dadose garwonipun. http://h-e-r-u.blogspot.com/2011/11/software-akuntansi.html
      Dinten sak lajengipun, para pengawal ingkang diutus pangeran tindak wonten griya-griya para wargane ingkang anggadah putri kang due maksud madose putrid kang anggadahi sepatu kaca punika. Akhiripun para pengawal wau dugi wnten griyane Cinderella,.”Kulo madosi putri kang sikile cocok kaliyan sepatu punika,” ngendika pengawal. Kakang-kakange Cinderella nyobo sepatu kuwi, nanging sikile pado gegeden. Kakang-kakange Cinderella mekso sikile di lebok’ake neng sepatu kaca ampe tatu. Ing wekdal iku, pengawal mersani Cinderella.”hae…koe, cobo sepatu kaca iki,” ngendikane. Biyung lan kakang-kakang tirine banjur nesu, “mboten mbade cocok sepatu iku karo Cinderella!”. Cinderella langsung julurke sikile. Akhire sepatu kasebut pancen cocok marang sikile Cinderella.”Ah! Kowe putrid iku,” tandas pengawale pangeran.”Cinderella, selamet…,” Cinderella noleh ten wingking, peri sampun ngadek ten wingkingipun.”wiwit sakmenika uripo seng seneng kaliyan pangeran. Sim salabim!,” ngendikane.
      Sak wise peri maos mantranipun, Cinderella dados putrid kang nganggo klambi pengantin. Cinderella di derekaken kaliyan tikus-tikus lan manuk seng dados rencangipun. Sak wise Cinderella dugi wonten istana, pangeran nyambut karo mesem saking bungahe. Akhire…Cinderella rabi lan dados garwane Pangeran.
      Putri Cinderella kang elok parase lan becik atine wau ora due dendam kaliyan biyung lan kakang-kakang tirine, malah podo di ampuni lan di ajak ing istana. Pangeran Lan Putri Cinderella akhire, Urip mulyo……

Sumber : http://h-e-r-u.blogspot.com/2012/01/dongeng-bahasa-jawa-cinderella.html