Tampilkan postingan dengan label Lirik Campursari Gendhing Dan Tayub. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Lirik Campursari Gendhing Dan Tayub. Tampilkan semua postingan

Senin, 23 Juli 2012

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Pak Dhe


Pakde, aku putune sopo
Aku wis gede, mbesuk melu sopo
Bapak ibi saiki wis ora ono
Sakbendino mung trimo nelongso

Pakde, aku putune sopo
Aku wis gede, mbesuk melu sopo
Bapak ibi saiki wis ora ono
Sakbendino mung trimo nelongso

Aduh pakde piye dadine
Aku iki ra ono rewange
Pakde, pakde ilingo anak putune
Sakbendino lungo ora tau mulih

Pakde ilingo yen wis tuwo
Wong ning ndunyo, ibarat ngunjuk tuyo
Ndang nyebuto pakde karo sing kuoso
Wedenono pakde sikso neroko

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Bokong Semok


Aran bokong, nongko sesigar
Aran alis, nanggal sepisan
Kulit kuning lare kuning langsat
Gawe hang nyawang ngelek idu goro’an asat

Bokong semok, bokonge sopo
Eman-eman moto sing dienggo ndeleng
Lambe sesigar lare sigar kepundung
Gawe gereget kudu-kudu kepingin nyethot

Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut disanggul, sanggul, sanggul, nganggo cucuk
Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut digelung, gelung, gelung, digelung miring

Sopo wae kepergok, mesti ngomplong melongo
Sopo wae kepergok, mesti ngomplong melongo

Aran bokong, nongko sesigar
Aran alis, nanggal sepisan
Kulit kuning lare kuning langsat
Gawe hang nyawang ngelek idu goro’an asat

Bokong semok, bokonge sopo
Eman-eman moto sing dienggo ndeleng
Lambe sesigar lare sigar kepundung
Gawe gereget kudu-kudu kepingin nyethot

Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut disanggul, sanggul, sanggul, nganggo cucuk
Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut digelung, gelung, gelung, digelung miring

Bokong semok, semok, semok, bokong semok
Rambut disanggul, sanggul, sanggul, nganggo cucuk
Sopo wae kepergok, mesti ngomplong melongo
Sopo wae kepergok, mesti ngomplong melongo

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Tembang Kangen


Wayah wengi udan grimis, ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes, dadi saksi nggonku nangis
Wong sing tak tresnani, tego ningglake aku
Suwung jeroning uripku, yen ora ono sliramu

Sumilire angin tansah ndudul kalbu
Roso kang tak empet agawe loro dodoku
Liwat tembang kangen, mugo biso dadi tombo
Tombo kangen iki, nandang wuyung rino wengi

Liwat tembang kangen, aku titip tresno
Opo pancen sliramu, uwis ora kroso
Liwat tembang kangen, aku titip sayang
Tresnaku mring sliramu, ora biso ilang

Opo lali opo pancen wis ra ngerti
Sak tenane aku, mung tansah setyo ngenteni
Ngenteni baline endah manise esemmu
Liwat tembang kangen, iki wujud katresnanku

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ali Ali Emas Kuning


Ali-ali ing drijimu,
Tenane tali tresno bebasane
Emane ra biso njogo
Ning saikine uwis maleh rupo

Ali-ali emas kuning,
Wis maleh emas kuning dadi putih,
Opo pancen uwis lali
Tondo tresnaku ora diopeni

Ali-ali emas kuning,
Opo biyen sliramu ra eling
Tondo tresno ngikat janji
Yen sliramu ora bakal lali

Ali-ali emas kuning,
Ra ngiro dadi duweke wong liyo
Tego ninggalake aku
Lali sumpahmu, wis lali janjimu

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub 5 SMS


Ora nyono mas, aku ugo ra ngiro
Nyekel HP mung kok gawe sembrono
Sabendino SMSan karo sopo
Mbok ojo ngono atiku digawe loro



Sabar disik dik, ojo gampang cemburu
Nadyan akeh SMS telpun sing mlebu
Telpun iki gawe petung nyambut gawe
Golek sandang pangan ing saben dinane

Iki lho mas, iki lho SMS sing mlebu
Lima SMS isine cinta padamu
Iki lho mas, iki lho SMS-se sopo
Tulisane kabeh mung kondo tresno


Kiro-kiro dik, iki wong salah kirim
Mergo kleru, deweke mesti isin

Ra percoyo, mergo aku weruh dewe
SMS kuwi kabeh, kondo tresno kowe

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tragedi Mulih Lungo


Mbiyen mulo, dadi niate wong loro
Aku nyambut gawe, kangge anak bojo
Nganti tak rewangi, lungo ing luar negeri
Wektu telung taun, rekoso tak lakoni

Nggonku lungo, saiki wis biso bali
Kaget jroning ati, weruh kahanan iki
Duwet sing tak kirim, ing saben sasine
Jebulane muspro, gawe senengmu dewe

Muleh lungo, atiku keronto-ronto
Sing ning omah, wis ra keno dipercoyo
Mulih lungo, aku nangis aku njerit
Sing ning omah, jebul malah korat-karit

Opo kowe, wis lali marang janjimu
Bakal tetep setyo, nunggu sak mulehku
Nanging malah kepincut, wong wadon liyane
Aku lan anakmu, sing dadi korbane

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Pepujaning Ati


Rasaku tan biso lali,
Yen kelingan pepujaning ati
Yen bengi kagowo ngimpi,
Gawang-gawang tansah nggoda ati

Esuk awan kepikiran,
Opo mbesuk biso kasembadan
Anggonku nandang kasmaran,
Duh wong manis, mbok paring wangsulan

Esemanmu anggoda jroning rasaku
Mugo-mugo dadi sisihanku
Tansah kelingan kembange netro
Roso tresnoku soyo ngremboko

Sawangen mbulan ndadari,
Dadi saksi katresnanku iki
Tumelungo asmaramu
Sih katresnanmu tansah tak tunggu

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ngendhem Tresno




Pr :
Rodok suwe, anggonku naksir dewek’e
Sak wetoro, anggonku ngendem tresno
Tansah katon, ing saben wayahe
Mendah lamun biso gandeng roso


Yen sinawang, gandhes luwes sak solahe
Yen to mesem, katon dekik pipine
Kulitane kuning, nemu giring
Sopo wonge sing ra pingin nyanding


Bebasane arep nyawang angon limpe
Jane tresno nanging wedi bloko
Balung janur iku paribasane
Mung sliramu kang paring usodo


Tak sesuwun, mugo katekan sedyaku
Duh wong manis, mbok yo welaso aku
Ati iki wus kadung kesluru
Mbok ojo amung nggantung tresnaku


reff :
Lk :
Rodok suwe, anggonku naksir dewek’e
Sak wetoro, anggonku ngendem tresno
Tansah katon, ing saben wayahe
Mendah lamun biso gandeng roso

Yen sinawang, gandhes luwes sak solahe
Yen to mesem, katon dekik pipine
Kulitane kuning, nemu giring
Sopo wonge sing ra pingin nyanding

Bebasane arep nyawang angon limpe
Jane tresno nanging wedi bloko
Balung janur iku paribasane
Mung sliramu kang paring usodo

Tak sesuwun, mugo katekan sedyaku
Duh wong ayu, mbok yo welaso aku
Ati iki wus kadung kesluru
Mbok ojo amung nggantung tresnaku

Pr :
Bebasane arep nyawang angon limpe
Jane tresno nanging wedi bloko
Balung janur iku paribasane
Mung sliramu kang paring usodo


Tak sesuwun, mugo katekan sedyaku
Duh wong manis, mbok yo welaso aku
Ati iki wus kadung kesluru
Mbok ojo amung nggantung tresnaku

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ronggolawe Gugur



Ono crito, dek semono
Ronggolawe dadi satriane projo
Ing kraton gede kawibawane
Mojopahit nyoto jembar wewengkone

Ronggolawe, ra nrimakne
Yen to nambi, diangkat patih drajate
Winisudo, patih mangkubumi
Mergo durung suwe labuh ing negari

Ronggolawe, banjur kebranang atine
Koyo kobong, koyo bengkaho dadane
Ronggolawe, rumongso dikiwakake
Nambi dadi patih, ora sak mestine

Ronggolawe, nantang perang
Diladeni, senopati kebo nabrang
Ora ngiro, po wis titi mongso
Ronggolawe gugur jroning madyo logo

Ronggolawe, banjur kebranang atine
Koyo kobong, koyo bengkaho dadane
Ronggolawe, rumongso dikiwakake
Nambi dadi patih, ora sak mestine

Ronggolawe, nantang perang
Diladeni, senopati kebo nabrang
Ora ngiro, po wis titi mongso
Ronggolawe gugur jroning madyo logo

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ati Kesikso


Sayuk karyo…, gones…
Pulung widu mongsoruman…
Sayektine…, romo…
Dicangking bolo kawulo

Opo kabeh lelakonku,
Kowe tego nglarani batinku
Urip tansah koyo ngene
Omah-omah, wis ra ono tentreme

Atiku tansah nelongso,
Udan tangis, sasat sabendino
Tak gondeli, tak tresnani
Ora ngiro, mung tansah ngapusi

Nangis, atiku nangis nelongso
Yen kelingan, tresnaku digawe loro
Nangis, atiku nangis nelongso
Ninggal aku, ngebotne karo wong liyo

Lilo aku kudu lilo
Lilo kowe direbut wong liyo
Nadyan uripmu wis mulyo
Mbok yo eling, atiku kesikso

reff :
Jenang selo…, romo….,
Wader kalen…sesonderan…

Opo kabeh lelakonku,
Kowe tego nglarani batinku 
Urip tansah koyo ngene
Omah-omah, wis ra ono tentreme

Atiku tansah nelongso,
Udan tangis, sasat sabendino
Tak gondeli, tak tresnani
Ora ngiro, mung tansah ngapusi

Nangis, atiku nangis nelongso
Yen kelingan, tresnaku digawe loro
Nangis, atiku nangis nelongso
Ninggal aku, ngebotne karo wong liyo

Lilo aku kudu lilo
Lilo kowe direbut wong liyo
Nadyan uripmu wis mulyo
Mbok yo eling, atiku kesikso

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Trenyuh


Pr :
Wiwitane among nyawang,
Suwe-suwe njur tuwuh katresnan
Slogamu kang anglam-lami,
Kebak pitakon roso jroning ati

Senadyan mung bocah nggunung,
Tumlawong gawe atiku bingung
Pa gadhug yen aku nggayuh,
Sarwo ewuh mergo rasaku trenyuh

Datan lali,
Bebasan kagowo mati
Mendah lamun kasembadan….
Ora mung kandek anggonku kasmaran

Wilangan songo lan kalih
Mugio welas lan sliramu lilih
Klopo mudo umpamane,
Leganono aku mung mikir kowe

reff :
Lk :
Wiwitane among nyawang,
Suwe-suwe njur tuwuh katresnan
Slogamu kang anglam-lami,
Kebak pitakon roso jroning ati

Senadyan mung bocah nggunung,
Tumlawong gawe atiku bingung
Pa gadhug yen aku nggayuh,
Sarwo ewuh mergo rasaku trenyuh

Datan lali,
Bebasan kagowo mati
Mendah lamun kasembadan….
Ora mung kandek anggonku kasmaran

Wilangan songo lan kalih
Mugio welas lan sliramu lilih
Klopo mudo umpamane,
Leganono aku mung mikir kowe

reff :
Pr :
Wiwitane among nyawang,
Suwe-suwe njur tuwuh katresnan
Slogamu kang anglam-lami,
Kebak pitakon roso jroning ati

Senadyan mung bocah nggunung,
Tumlawong gawe atiku bingung
Pa gadhug yen aku nggayuh,
Sarwo ewuh mergo rasaku trenyuh

Datan lali,
Bebasan kagowo mati
Mendah lamun kasembadan….
Ora mung kandek anggonku kasmaran

Wilangan songo lan kalih
Mugio welas lan sliramu lilih
Klopo mudo umpamane,
Leganono aku mung mikir kowe

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Rebutan Bokong


Lk I:
Reneo mas, kowe tak kandani
Opo kowe, kenal cah ayu kuwi
Waduh-waduh, pancene semok bokonge
Ngiler tenan, yen aku weruh deweke

LK II:
Yen to ngono, podo karo karepku
Bokong gede, pancen klangenanku
Tak rewangi, aku ra biso turu
Mbok yo ngalah, kuwi ngunu bageanku

Duet :
Rebutan…, ojo rebutan
Bokong gede, jo digawe rebutan
Rebutan…, ojo rebutan
Aku pilih mati, yen ra keturutan

Lk I :
Wis-wis yo wis, yen ngunu lotre wae
Bocah kuwi, sopo pilihane

Duet :
Perkoro bokong, jo digawe rebutan
Ojo nganti, ngedohne nggone kekancan

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ngenteni Tetesing Tresno


Rino lan wengi esemu,
Dadi kembange impenku
Kang tansah tak pujo
Kadyo titise batoro komojoyo

Silireng angin angidul,
Anganti tetesing tresno,
Atiku sujono,
Sumebyar sakutho tan ono warto

reff :
Mung sliramu kang tak anti,
Wong bagus pujanku, memanik ing kalbu
Senadyan sewu penggudo, atiku ra kiro
Kagiwang wong liyo

reff :
Rino lan wengi esemu,
Dadi kembange impenku
Kang tansah tak pujo
Kadyo titise batoro komojoyo

Silireng angin angidul,
Anganti tetesing tresno,
Atiku sujono,
Sumebyar sakutho tan ono warto

reff :
Mung sliramu kang tak anti,
Wong bagus pujanku, memanik ing kalbu
Senadyan sewu penggudo, atiku ra kiro
Kagiwang wong liyo

Nora tak nyono sliramu
Jebul anyidrani janji
Kebak panelongso,
Teko tego gawe kuciwane nolo

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Meteng Pitung Sasi


Wis rong taun, ing malaysia suwene
Nyambut gawe, keloro-loro rasane
Kabeh kanggo, bojoku sing tak tresnani
Biso gawe omah, kang diimpi-impi

Ora kuat, nggonku ngampah jeroning dodo
Krungu kabar, kowe selingkuh karo tonggo
Tak nyatakne, aku mulih
Aku bali, jebulane kowe meteng pitung sasi

Kowe tegane, gelem meracuni cinta
Tak rewangi, rekoso ing malaysia
Kowe tegane, mung lamis manis janjimu
Tegel mentolo, tego ngapusi aku

Aku lilo, yen kowe wis gawe loro
Loro ati, koyo wis ra biso mari
Pilih ayo, pisah trimo aku ngalah
Timbang urip bareng, sabendino susah

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Konangan Versi Tayub


Pr :
Bola-bali tak kandani,
Kowe ojo mabuk karo judi
Budhal wesuk mulih bengi,
Aku ra tau kok kancani


Lk :
Ning omah aku ra krasan,
Sebab kowe kurang perhatian
Sandang pangan tak golekne
Kenek opo lek turu kok dewe-dewe

Pr :
Konangan, saiki konangan
Kowe ketangkep karo bocah prawan


Lk :
Konangan, kowe yo konangan
Kowe yo duwe simpenan bocah lanang

Pr :
Saiki ayo pegatan,
Dasar kowe wong lanang bajingan


Lk :
Ra usah ndadak pegatan,
Luwih becik ambangun bebrayan

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ilange Gelang Kalung


Aku mung tansah kelingan,
Nalikane biyen urip kekurangan
Senadyan wis pisah suwe,
Roso kangen kok koyo ngene

Ora gampang nggonku lali,
Janjimu biyen mung tansah tak ugemi
Gelang kalung dadi saksi,
Pungkasane ilang ono ngendi

Pancen kowe ora getun,
Ninggal aku babar pisan, ora nggumun
Dasare ono liyane,
Luwih soko aku sing biso nyenengke

Tresno ati pawitane,
Bondo dunyo kuwi dudu ukurane
Nanging batinku ra lilo,
Gelang kalung, diwenehne wong liyo

Pancen kowe ora getun,
Ninggal aku babar pisan, ora nggumun
Dasare ono liyane,
Luwih soko aku sing biso nyenengke

Tresno ati pawitane,
Bondo dunyo kuwi dudu ukurane
Nanging batinku ra lilo,
Gelang kalung, diwenehne wong liyo

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Rabi Dulur


Pr :
Kangmas aku wis gede,
Kapan enggal didaupake
Akeh joko sing podo nglamari,
Nanging kangmas sing tak enteni

Lk :
Nimas opo ra kliru,
Sliramu sih keponakanku
Ojo keburu nafsu,
Mengko diguyu tanggamu

Duet :
Mbulan…, mbulan gede
Amadangi jagad rame
Ojo turu sore-sore,
Karep ben cedak jodone
Prawan…, prawan gede
Njaluk rabi karo tanggane
Wong tuwo ora marengake,
Mergo isih dulure dewe

Pr :
Kangmas piye dadine,
Wong tuwo kok ra marengake

Lk :
Becik diwurungake,
Akeh wong liyo kok rabi dulure

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Putri Kediri


Atiku ra biso lali,
Nganti mati mung tansah tak impi-impi
Sliramu putri kediri,
Pancen manis eseme kang merak ati

Naliko aku ketemu,
Jerone ati tansah kadhodhok rasaku
Saben dino njur ngelamun,
Mikir kowe atiku tansah kayungyun

Putri kediri, gawe trenyuh jroning ati
Satuhu luhur ing budi,
Pantes den pepuji,
Pindane dewi sekartaji

Tansah katon memanise,
Ora ngiro ndudut ati lelewane
Esemmu sing pait madu,
Mbesuk kapan biso sesandhing sliramu

reff :
Atiku ra biso lali,
Nganti mati mung tansah tak impi-impi
Sliramu putri kediri,
Pancen manis eseme kang merak ati

Naliko aku ketemu,
Jerone ati tansah kadhodhok rasaku
Saben dino njur ngelamun,
Mikir kowe atiku tansah kayungyun

Putri kediri, gawe trenyuh jroning ati
Satuhu luhur ing budi,
Pantes den pepuji,
Pindane dewi sekartaji

Tansah katon memanise,
Ora ngiro ndudut ati lelewane
Esemmu sing pait madu,
Mbesuk kapan biso sesandhing sliramu

Minggu, 22 Juli 2012

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Loro Asmoro

Eling rikolo semono,
Angin semilir soyo ndedowo roso
Ketir-ketir jroning pikir,
Opo pancen sliramu ra mikir


Yen to aku tetep tresno
La mbok iyo kroso kelawan rumongso
Opo tego panandangku,
Aduh kangmas rungokno tangisku


Jroning sepi aku tansah angranti
Wanci ratri hanamung tak impi-impi
Batinku angroso rasane wong bingung
Opo iki arane wong nandang wuyung


Kabeh mau yen kelingan,
Koyo-koyo uripku tansoyo nglamprang
Gusti paringo usodo,
Anggonku nandang loro asmoro 


Reff :
Lk :
Eling rikolo semono,
Angin semilir soyo ndedowo roso
Ketir-ketir jroning pikir,
Opo pancen sliramu ra mikir

Yen to aku tetep tresno
La mbok iyo kroso kelawan rumongso
Opo tego panandangku,
Aduh kangmas rungokno tangisku

Jroning sepi aku tansah angranti
Wanci ratri hanamung tak impi-impi
Batinku angroso rasane wong bingung
Opo iki arane wong nandang wuyung

Kabeh mau yen kelingan,
Koyo-koyo uripku tansoyo nglamprang
Gusti paringo usodo,
Anggonku nandang loro asmoro

reff :
Pr :
Eling rikolo semono,
Angin semilir soyo ndedowo roso
Ketir-ketir jroning pikir,
Opo pancen sliramu ra mikir


Yen to aku tetep tresno
La mbok iyo kroso kelawan rumongso
Opo tego panandangku,
Aduh kangmas rungokno tangisku


Jroning sepi aku tansah angranti
Wanci ratri hanamung tak impi-impi
Batinku angroso rasane wong bingung
Opo iki arane wong nandang wuyung


Kabeh mau yen kelingan,
Koyo-koyo uripku tansoyo nglamprang
Gusti paringo usodo,
Anggonku nandang loro asmoro

Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Joko Tuo

Nelongso, awakku soyo nelongso
Koyo ngene nasib dadi jojo tuwo
Ngalor ngidul, ngetan ngulon dadi crito
Saben nglamar ditampil poro wanito

Senen kemis poso tansah tak lakoni
Bot bote pingin ndang payu rabi
Opo pancen durung teko jodoku
Nglamar peng pitu rondo prawan podo mlayu

Duh gusti, mirengno tangisku iki
Mboten kiat, urip ijen rino wengi
Duh gusti, welasono awak iki
Umur pu kathah, jodoh kulo wonten pundi

Duh dewo, luh tumetes nyendal dodo
Joko tuwo, pingin enggal polo kromo
Duh bapak, kulo pingin momong anak
Duh ibu, wonten pundi calon mantu