Senin, 26 November 2012

Resep Membuat Tiwul


Tiwul merupakan makanan khas yang identik dengan orang desa dan pedesaan, karena memang makanan ini akan banyak kita jumpai di daerah pedesaan, dan memang dulunya dibuat sebagai bahan pengganti nasi.

Resep Membuat Tiwul :



Bahan :
- 300 gram tepung Gaplek atau tapioka
-  70 ml air
- 100 gram gula merah iris sisir
- 2 lembar daun pandan

Bahan Taburan :
- 1/4 butir kelapa parut panjang
- 1/4 sendok teh garam
- 1 lembar dun pandan

Cara Membuat :
- Siapkan tepung gaplek diatas tampah, perciki dengan air sedikit demi sedikit, hingga adonan menjadi berbutir seperti pasir
- Kukus adonan tersebut dalam dandang yang telah dilapisi daun pisang, kukus pula gula merah secara bersamaan dengan ditaruh secara acak atau taburkan selama kurang lebih 1 jam, angkat
- Kukus pula parutan kelapa serta daun pandan dan garam selama 1/4 jam
- Sajikan tiwul dengan kelapa parut

Senin, 12 November 2012

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Obat Nyamuk Lan Wong Nyuling



     Sak suwene Mas Agung nduweni warung anyar, sakikine jarang dolan meneh ning warunge Gogon Joss.Mergo wis nduweni kesibukan pakaryan anyar.Nanging ewo semono, kadhang kolo Mas Agung yo isih kober nyempatke dolan ning warunge kancane siji iki, sak perlu ngraketake kekancan sing wis linaku mataun taun supoyo ora kepedhot talen.



     Iku mau tujuan utomo, silaturahmi.Ananging sak benere Mas Agung kangen dolanan bethek - bethek'an meneh koyok mbiyen...

Mas Agung : Suwe aku ra ngambah jogan iki yo, Lek Gon?
Gogon Joss : Janur gunung, kadingaren dolan mrene...
Mas Agung : Ahh, mbok ojo ngono to, Lek Gon...awak'e dewe ki rak yo wis suwe kekancan to, mung mergo aku nduwe pakaryan anyar ae sing ndadekke jarang mrene, tapi sing penting awak'e dewe tetep isih kekancan, paseduluran,...
Gogon Joss : Iyo yo, ngono kok yo dilebokno ati to ndhe ndhe..
Mas Agung : Eh, Lek Gon...aku kangen bethek - bethek'an meneh yok...!!!
Gogon Joss : Wis tak betehek sak durunge
Mas Agung : hehe, Tau Aja Dikau...
Gogon Joss : Wis ndang langsung ae
Mas Agung : Okey, ning karo aku digawekke Es Teh to yow, tamu po ra?
Gogon Joss : Ee alah...yo wis kono, karo tak rungokke soko njero ki

Sinambi mlebu ngawekke es teh kanggo Mas Agung,
Mas Agung : Mlungker ijo, ndhase abang, mlakune mundur, ambune sengak - sengak wangi, opo hayo?
Gogon Joss : Wis jelas yen iku obat nyamuk...
Mas Agung : Wah kegampangen brarti, yo wis ganti iki ; lambe ketemu lambe, napas metu alon alon, mripate kiyer - kiyer, tangane grayah - grayah nggolek'i bolongan, kroso nikmat banget, kiro - kiro kuwi opo yo?
Gogon Joss : Angger Cah Nom ra kono ra kene, podho ae senengene saru -sarunan...
Mas Agung : Wah podho kancamu siji kae kowe ki kok, Lek Gon, Si Goro Goro, senengane buruk sangka
Gogon Joss : Lha nyatane, genah yo nyrempet nuk?
Mas Agung : Ora yo, ora saru iku...!!!
Gogon Joss : Lha opo wis njal?
Mas Agung : Mbok yo karo dipikir gene to, Lek ojo langsung patah semangat ngono.
Gogon Joss : Ah mboh,Gung...buntu pikirku
Mas Agung : Ra iso tenan ki, nyerah...?
Gogon Joss : Ra reti aku, mboh...opo jawabane sing bener?

Karo nyruput es teh Mas Agung mangsuli jawabane
Mas Agung : Wong lagi nyuling iku, Lek Gon..
Gogon Joss : ???!!!
Mas Agung : Halah ajek...mesthi senegane tandha tanya karo tandha penthung

-- % --

Sabtu, 10 November 2012

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Dhuwit Satus Ewunan



Mari lungo soko paran, Tri Goro mampir ning warunge Mas Agung.Durung nganti kober nyelehke bokonge, ws dibethek'i meneh koyok wingi meneh,...



Mas Agung : Lek, dawane 15 cm, abang, ono sirahe...
Tri Goro : Terus?
Mas Agung : Biasane ki disenengi wong wedok....
Tri Goro : We alah...acak saru ki?
Mas Agung : Mbok ojo ngeres ngono to, ah hemm...
Tri Goro : Ahhh, saru kuwi
Mas Agung : Pikiranmu kuwi sing ngeres
Tri Goro : Lha wis opo?
Mas Agung : Ra reti ?
Tri Goro : Opo yo..
Mas Agung : nyerah?
Tri Goro : Angil men to ndhe...
Mas Agung : piye?
Tri Goro : Nyerah wis aku
Mas Agung : Jane, nk iso njawab meh tak wenei duwit iki kowe kok,Lek!
Mas Agung ngetokke dhuwit satus ewunan sak lembar
Tri Goro : Eee, tenane... sik.. sik ( karo ngukur sirahe sing ora gatel )
Mas Agung : Iso pora?
Rodo suwe olehe Tri Goro mikir, manggaho durung ketemu jawabane sing rodo bener 
Tri Goro : Thek durung ketemu yo?
Mas Agung : Berarti yo ra sido tak wenehke kowe,Lek...
Tri Goro : Ngelu malah sirahku
Mas Agung : Haha....
Tri Goro : Ah, mboh lahhh..
Mas Agung : Thit, nyerah ?
Tri Goro : Tak lilakno satus ewune
Mas Agung : Jawabane sing bener, yo Dhuwit Satus Ewunan iki...
Tri Goro : Lho malah...asemii
Mas Agung : Huahaha....Yo wis, aku ra sido nyaur utang kowe, tk nggo kulak'an sesok meneh sik,wkkk...!!!
Tri Goro : Oooo.... Sempril tenan!!!?/*&%^$$



Jumat, 09 November 2012

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Basa Chinane Pit



Tri Goro : Lek,..Jare kowe iso boso cino?
Mas Agung : iyo, sithik - sithik...gene?
Tri Goro : Tak bedhek'i njal!
Mas Agung : Okey...


Tri Goro : Sadhel sepeda, opo njal basa chinane?
Mas Agung : Opo yo...rodo lali aku
Tri Goro : Eling eling sik!
Mas Agung : Hemm...karone lah po to ndadak takon boso chino barang ki?
Tri Goro : Biasa melanjutkan episode selanjutnya, Bedhek'an kita, hehe....!!!
Mas Agung : Lah...nk kuwi aku yo reti no...
Tri Goro : Opo ws...?
Mas Agung : Ling Huan Pit, haha....!!!
Tri Goro : Hahaha, asemmiii...!!!
Mas Agung : Rumangsamu ra iso....hahaha!!!