Selasa, 05 Juni 2012

Lirik Lagu Dangdut Campursari Yogya Priangan Evie Tamala


Sepi, sepi rasaning ati. 
Tengah ndalu ing tanah priyangan. 
Rinoso sepining atiku iki, bareng adoh soko sliramu.
Lali, lali tan biso lali. 

Eling-eling mung katon esemmu. 
Rikolo sliramu nguntabke aku, ono setasiun tugu.
*Ibo endahe, ibo endahe kuto 

Ngayugjo. Kang bisa gawe kepranan atiku.
Sapunyere, sapunyere paribasane. 

Peugat simpae patu rai pateupang deui.

Lirik Lagu Dangdut Campursari Ojo Gawe Gawe Evie Tamala


Bola bali dikandani, bola bali wis di aturi. 
Mas,.kok ora digape. 
Jare ngono kok malah ngene, jare ngene lah kok malah ngono. 
Mas, iye karepe.
Aku ngulon sampeyan ngetan, nduwe bojo koyo jethungan.

Mas,ora karuan. 
Mbiyen piye saiki kepiye sampeyan wis ngerti dewe. 
Mas,.ojo gawe-gawe.
*Saben bengi ditinggal lungo 2x. 

Aduh Dik, aku dewekan.
Tuku wijen dipangan semut, turu ijen go pakan lemut. 

Aduh Dik sopo-sopo sing tahan.
Bola bali wis dikandani, bola bali jare wis ngerti. 

Aduh Mas, jarene ngerti.
Cianjur di Sukabumi, terlanjur jadi penyanyi. 

Aduh mas jadi penyanyi ( gimana lagi )
( Sabar yo mas, jo kuatir to!. Sabar-sabar, kowe penak. Aku kecut!)
Ayo ayo bebarengan lan ora perlu sujanan, 

Mas opo gunane.
Sing penting podho ngertine, ngelingi kuwajibane ben tentrem rumah tanggane.

Lirik Lagu Dangdut Campursari Konglomerat Evie Tamala


Aku tresno kowe tresno kurang opo mas.
Aku seneng kowe seneng ra podho-podho. 
Ora mangan jare ora kroso luwih. 
Opo mergo Mas entek duite. Yo ra?
Omah gedong omah gubug podho wae. 

Numpak sedan numpak becak podho penake. 
Waton setyo mesti bahagia uripe. 
Yen ra setyo Mas, jewer kupinge.
*Nadyan saiki mlarat modal sepatu bejat, sopo ngerti sesuk dadi konglomerat.
Saikine ngrekoso ngutang kene lan kono, sopo ngerti mbesuk pabrike limo.
Nadyan mung modal dengkul, nadyan mung modal gundul. 

Kowe nggendong Dik, mengko aku sing mikul.
Sing baku setyo tresno nyuwun mring kang kuoso, lan ikhtiar bebarengan makaryo.

Lirik Lagu Dangdut Campursari Ojo Takon Evie Tamala


Ojo takon Mas, opo to sebabe awaku seneng kowe.
Ojo takon Mas, opo alesane mben menit aku kelingan ro kowe.
*Yen dedeg wis cukupan, ora duwur ora cendek ning sedengan.
Yen rupo yo lumayan, yen bondo ra tak leboke etungan.
Durung mudeng, kok mesake.

Lirik Lagu Dangdut Campursari Mengko Dhisik Evie Tamala


Mengko dhisik yo mas yo, jo kesusu yo mas yo yen sliramu pengen nglamar aku.
Aku durung ngerti lambe atimu. mergo lagi wingi kenal awakmu.
Pancen alus solahmu, gandes luwes dandanmu gawe geter mas jantung atiku.
Sing tak sawang yo mas nembe njabane, durung mudeng yo mas piye njerone.
Mbuh ra ruh samengkone, yen Gusti marengake.
Rubedo koyo opo wae, mesti dadi jodone.
Mengko dhisik yo mas yo, jo kesusu yo mas yo pikir ndisik mas murih becike .
Grusa grusu mas olo mengkone, ben ra getun mas tembe mburine.

Lirik Lagu Dangdut Campursari Klopo Cengkir Evie Tamala


Njanur gunung mas, kok dolan mrene. 
Kadingaren mas, piye kabare. 
Ngimpi opo sajake bedo karo adate, gawe ati deg-degan ora karuan.
Njanur gunung mas, dolan neng omahku. 

Kadingaren mas opo ra kleru. 
Telung taun lawase ora kabare, nanging kabeh sing penting podho warase.
*Klopo cengkir yo mas kok ora digawe tombo. 

Wong di pikir yo mas kok ora rumongso.
Godong waru yo mas sing ra pati wangi, mung sliramu yo mas sing ta enteni.

Lirik Lagu Dangdut Campursari Jangkrik Evie Tamala



Krik jangkrik, jangkrik upo. 
Sing prihatin sithik penting wis kisenan sego. 
Krik jangkrik, jangkrik gondeng. 
Duite setitik wis ora usah ngeceng.
Dho sing trimo jo, ra usah neko-neko. 

Dho sing sabar jo, tansah karo ndedungo. 
Kowe temen kekarepan mesti klakon.
Krik jangkrik, jangkrik blumbang. 

Rejeki setithik ojo mbok ati sumelang. 
Krik jangkrik, jangkrik sumur. 
Sing penting mbok trimo kanti ati roso sukur.
Kacang ijo jo enak digawe bubur. 

Sing prasojo jo urip kang tansah jujur. 
Ojo anggep jujur iku bakal ajur.

Lirik Lagu Dangdut Campursari Transmigrasi Evie Tamala


Ayo konco mudo mudi merdiko, enggal gumrigah lan cancut tali wondo. 
Makaryo ayo kito makaryo, sayuk saeko proyo rukun amrih sentoso. 
Mbangun projo lan mbangun negoro.
Pemerintah kang wis sumedyo mbantu. 

Kanggo kito kang wawasane maju.
*Yo ayo tumandang rame-rame, mumpung gede rembulane mumpung jembar kalangane.

Rame-rame yo nyambut gawe.
Transmigrasi gegayuhan kang suci, kanggo mbangun manusia mandiri.
Pulo jowo ibarat kapale tuwo, penumpange yen biso kurangono.

Lirik Lagu Dangdut Campursari Wolak Walik Podho Evie Tamala


Mas diwolak walik podho. 
Batik tulis parang rusak saumpomo. 
Mas tumrape wanito, yen wis tresno lair batin mesti podho.
Mas sakodi kari loro. 

Batik plangi batik plangi kidul semarang. 
Mas kowe jo maido, ra percoyo sing ngantri ra kurang-kurang.
*Pring tumpuk-tumpuk bumbung go wadah legen, legene ojo digawe gulo.
Yen ati mathuk becik aluwung balen, tinimbang neng ati rasane gelo.

Lirik Lagu Dangdut Campursari Uthak Uthak Ugel Evie Tamala


Thak uthak ugel e a e dongengan jaman kuno. 
Sekotak kari setugel ae ae mbiyen sing akon sopo.
Ning kuning kae opo elae kuning manuke podang. 

Dipenging wis ora keno jare mandeg lah kok jebul mblandang.
*Wetan gunung kulon gunung ra ono uwote ( uwote, uwote ). 

Ngetan bingung, ngulon bingung ra ono enteke.
Numpak sepur dik numpak sepur tanpo kondektur ( kondektur, kondektur ). 

Maju ajur mundur ajur alias kojur.
Omah gendeng mas ta saponane, abot enteng mas lakonono dewe.

Lirik Lagu Campursari Dan Bowo