Sabtu, 05 Mei 2012

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Sopo Sing Paling Kuat ?

Ska wijining dino Mas Agung dolan ning warunge Gogon Joss.Sinambi pesen kopi susu anget sak gelas, karo ngomong - ngomong crito ngalor ngidul sinambi chattingan facebook nganggo Laptope Gogon Joss.Bosen Chattingan, ntek - entek'ane Mas Agung nggawe ukoro bethek'an....


Mas Agung  : wayang sak kothak kae sing paling kuat sopo, Lek Gon... hayo ngerti opo ora?
Gogon Joss : Yo Werkudoro to yo!
Mas Agung : Ahh, Salah....
Gogon Joss : Buto sing gedhe dewe!
Mas Agung : salah yow...
Gogon Joss : sing paling kuat yo dhalange nek ngono!
Mas Agung : Ngawur ae, wayang kok malah tekan dhalang barang ki lho...
Gogon Joss : Opo yoo....ngg...katog!
Mas Agung : Sing paling kuat wayang sak kothak kuwi , yo sing ning ngisor dewe...!!!
Gogon Joss : Lho rek iso ki piye, kepriye nalare?
Mas Agung : Kok sih rung mudheng to, Lek Gon!lha wong dewek'e kuwi nyonggo wayang pirang - pirang ngono lho....!
Gogon Joss : Oo alaaahh...iyo yow....!!!
Mas Agung : Ha...ha..ha...!!!

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Sopo Presiden RI Tahun Ngarep?




Mas Agung : Lek Gon, kiro - kiro sopo menurutmu presidene awak'e dewe tahun 2024?
Gogon Joss : Ahh...kadohan iku, Lek?iki tahun piro....
Mas Agung : yo ra popo to. itung - ngetes ngetes bathin, yo ra...?
Gogon Joss : yo wis... aku mbethek inisiale S...!
Mas Agung : Lha nek tahun 2019, sopo ?
Gogon Joss : tetep inisiale huruf S...
Mas Agung : yen tahun 2014, kiro - kiro sopo presidene,Lek Gon?
Gogon Joss : nggg,,,,yo isih tetep inisiale S
Mas Agung : nek tahun 2009 presidene cetho nek Pak SBY, lha terus nganti tekan tahun 2024 thek inisiale tetep S ki  njur piye ketemu nalare to,Lek Gon ?
Gogon Joss : S kuwi singkatan soko SOPO wae keno lan biso dadi presiden
Mas Agung : Woooo   aalaaaahhhh....dahasar peramal gadhungan, waton kondhang
Gogon Joss : Halah....wong yo podho karo sing ngomong wae kok ndadak....
Mas Agung : ....????!!!!???!!!???....

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Wis Cetho

Isih ning warunge Gogon Joss, Mas Agung isih kober nggawe bethek'ean....

Mas Agung : Lek Gon....?
Gogon Joss : Opo meneh....!
Mas Agung : Opo bedane Kethek karo manungso?
Gogon Joss : ketok cetho ngono kok,akeh...manungso iso ngucap, kethek ra iso ngucap
Mas Agung : Lha terus....
Gogon Joss : Manungso iso gawe akun Facebook, kethek ora iso
Mas Agung : lah...yo wis, terus opo meneh...?
Gogon Joss : Kok teras terus...bener po piye?
Mas Agung : salah kabeh...sing bener ora usah dibedakke, sebab wis cetho, wis genah yen bedo.Ra usah bingung...
Gogon Joss : Woooo....asem kecut tenan...!!!

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Upacara Mantenan

Mas Agung bali soko dolan gone kancane, mampir ning warunge Gogon Joss.Dasare Mas Agung isih legan, ngepasi ora ono gawean, mesthi kerepe dolan - dolan marani kancane.Ngerti kancane siji iku lagi nglamun, Mas Agung banjur kewethon idene kanggo mbethek'i Gogon Joss koyok biasane





Mas Agung : Heh, Lek Gon...timbang nglamun iki aku nduwe bethke'an anyar meneh..
Gogon Joss : Opo meneh....
Mas Agung : Kowe ngerti karepe upacara temu manten kae, gene kok ndadak nganggo ditemukke barang?
Gogon Joss : opo yow...nganu, supayane mantene gathuk, lan temu rasane, nyawiji antarane lanang lan wadon..
Mas Agung : Wah, yo pinter jebule....!
Gogon Joss : Wong kene kok,...
Mas Agung : Lha iki terusane....manten kae kok ditimbang dipangku bapak'e, karepe piye iku njal?
Gogon Joss : karepe, manten iku podo abote, ora ono bedane anak'e karo mantune, ngono...
Mas Agung : We lha, isonan jebule...!!!
Gogon Joss : Lho piye to?ku kan wis tau nglakoni...nk kowe kan durung tau, mulane takon
Mas Agung : Ngece ik....
Gogon Joss : Wis takon opo meneh?
Mas Agung : Lha terus Kacar kucur kae opo maksude?
Gogon Joss : Wong lanang aweh guno, koyo nafkah marang wong wadon, biso ngayani, ngayomi lan ngayemi.
Mas Agung : Wah...jan pinter tenan kowe,Lek Gon....
Gogon Joss : Aku ki mboh kok....
Mas Agung : Iki sing terakhir, geneyo manten kok terus mangan sego punar?
Gogon Joss : Mantene kroso luwe, terus mangan, ha...ha..ha....
Mas Agung : Wooo....Iki jelas nk ngawur, kumat....
Gogon Joss : Mulakno ndang rabi, ora usah takon - takon wae
Mas Agung :He..he..he..!!!!!

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Willians Orang Purwodadi

Mas Agung : Lek Gon, ngerti ra?
Gogon Joss : ora...
Mas Agung : ye mesthi ae, lha wong durung tk wenei weruh kok...
Gogon Joss : Lha yo opo?
Mas Agung : Ngerti ra, petenis cewek kulit hitam asal Amerika?
Gogon Joss : Serena / Venus Willian maksudmu?
Mas Agung : Iyo,kwi...
Gogon Joss : gene?
Mas Agung : asline dewekne iku asli wong Purwodadi kene, jenenge mbiyen Waliyem karo Wariyem, bareng diadopsi trus ganti jeneng Willians...
Gogon Joss : ra lucu...
Mas Agung :wkkkkkkkk.....!!!!

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Ahmadimejad VS Atmadimejo

Gogon joss : Saiki aku genti sg takon kowe
Mas Agung : yo keno, ben imbang...
Gogon Joss : ngerti pora kowe riwayate sg sak benere Ahmadimejad?
Mas Agung : Ngerti no....iku asline TKI soko Sugihan, boro menyang Jakarta, mergo dhewekne iku bocah pinter lan erdas, ugo supel, trus ganti jeneng lan warga negarane, dadi Ahmadimejad,,,,
Gogon Joss : Lha brati mbiyen yo ndwe jeneng asli nek ngono....
Mas Agung : yo nduwe to yo...
Gogon Joss : Lha trus sopo jeneng asline, Lek ?
Mas Agung : Atmadimejo.....
Gogon Joss : hemmmm,...ra lucu...!!!!
Mas Agung : Gggagagahhgagggaag...!!!!

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Sarkozy VS Sarkawi

Gogon Joss isih kemropok karo Mas Agung soal bethek'an ndhek wingi, niate arep takon meneh, karepe Mas Agung mben ra iso njawab.....

Gogon Joss : Eh, Lek....
Mas Agung : pow....
Gogon Joss : kowe ngerti Sarkozy ra,Lek ?
Mas Agung : ora ki, sopo meneh kuwi....?
Gogon Joss : Iku wong Kalongan, kuliah ning IKIP Semarang...
Mas Agung : maksude...?
Gogon Joss : terus nerusno ning Perancis, ning kono kecanthol karo cewek kono, supoyo kethok Perancise, trus ganti jeneng karo ditambai embel - embel Nikolas...
Mas Agung : Hemmmm.....O...ngerti karepmu aku...
Gogon Joss : trusno pora?
Mas Agung : Brati yo tetep ndwe jeneng asli no, Lek Gon?
Gogon Joss : iyow no...
Mas Agung : lha sopo jenenge asline?
Gogon Joss : Sarkawi
Mas Agung : Hahahahaha....balas dendam

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Werno Pink

Mas Agung : Lek Gon,...jare kowe seneng klambi werno pink, lha kok malah tuku klambi sing werno biru, piye arah - arahane ma?
Gogon Joss : Maksudku ki pink iku dudu warnane....
Mas Agung : tuku klambi thek ora warnane, trus apane ma?
Gogon Joss : ning, pink cicilane.Nek werno pink cicilane ping telu, nek werno biru cicilane ping pink 5, hehe...
Mas Agung : Lahhh....
Gogon Joss : Lho, lha emange gene....?
Mas Agung : rak popo, lah hem.....
Gogon Joss : Hahahahaha.....

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Pegawai Negeri Sipil

Mas Agung : PNS iku ambakno wis pensiun jare yo isih tetep dadi PNS hare, Lek Gon...
Gogon Joss : Ah mosok to?
Mas Agung : iyo...
Gogon Joss : Lha kok iso ki piye?
Mas Agung : Jarene iki yo jarene lho....mbok menowo PNS iku tegese Pikantuk'ipun Namung Sekedhik, dene isih nduwe NIP, mungkin maksude Narimo Ing Pandum...
Gogon Joss : O.....
Mas Agung : bunder...?

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Wayang Simg Paling Larang

Mas Agung : Lek,...wayang opo sing regane paling larang hayo?
Tri Goro     : Yow mesthine wayang sing paling apik to yow, tur pradane sing soko emas
Mas Agung : lha kuwi jenenge opo, sebutno jenenge wayang ae!
Tri Goro     : Gunung karo Buto Sing gedhe dewe mesthi larang....
Mas Agung : Salah yow,,,.....
Tri Goro     : Mosok, yo wis opo menurutmu nk sing paling larang?
Mas Agung : Nyerah ki ?
Tri Goro     : Opo wis njal?
Mas Agung : Bismo, Bomo, terus Bimo
Tri Goro     : Opo wi, urutane thek ra pas ngono?
Mas Agung : Bismo kuwi Bis Limo, Bomo iku Kebo Limo, nek Bimo iku Babi Limo, piye urut pora?
Tri Goro     : Halah, gak lucu.....
Mas Agung : Hahaha....!!!

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Tombo Sing Ora Diombe

Bali dolan soko warunge Gogon Joss, Mas Agung mampir ning omahe Tri Goro.Koyok biasane, sak wise crito ngalor ngidul, mensthi enthek - enthek'ane menehi bethek'an.

Mas Agung : Lek Gor, aku nduwe bethek'an meneh?
Tri Goro     : Opo meneh kuwi?
Mas Agung : Tombo opo sing oran perlu di ombe, ora perlu di oleske ning iso marasake larane?
Tri Goro     : Wah, guyon kowe ki,Lek....ngendi ono?Ning Apotek opo yo ono?
Mas Agung : Ning Apotek ncene ora ono
Tri Goro     : Lha yo thek mbok bethekno aku
Mas Agung : lho jenenge ae bethek'an....tapi ncen ono kok
Tri Goro     : Lah,     opo yo, wis nyerah aku
Mas Agung : Wis,...thit?
Tri Goro     : Iyo iyo, opo njal?
Mas Agung : iku jenenge Tombo Kangen, angger wis kepethuk yo bakal mari kangene, rasah diombe po diolesno, yo ra?
Tri Goro     : hehehe....iyo yo, malah aku dadi kangen karo bojoku
Mas Agung : Lho, emange Mbok Wedok nang ndi?
Tri Goro     :....!!!!?????

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Lagu Perjuangan

Mas Agung : Lek Gor...?
Tri Goro     : pow, Lek...!!
Mas Agung : aku nde betehek'an meneh ki.
Tri Goro     : yoh kono, opo cepet!
Mas Agung : lagu perjuangan opo sing paling menyedihkan, hayo?
Tri Goro     : Ehhmm.....Gugur Bunga...!!
Mas Agung : Salah...
Tri Goro     : Padamu Negeri...
Mas Agung : dudu....
Tri Goro     : angger sing mbethek'i kowe ogg mesthi aku akeh salahe...
Mas Agung : ra iso?
Tri Goro     : ws opo kono, ndang...!!!
Mas Agung : jawabane sing bener Hallo - Hallo Bandung...
Tri Goro     : kuwi ki lagu Mars perjuangan, penuh semangat yow...
Mas Agung : yo ncene ogg,...
Tri Goro     : lho, kok iso?
Mas Agung : sebabe liyane ora do kobongan, dhewekne kobongan dewe...mulane sedih
Tri Goro     : maksude?
Mas Agung : " Sekarang telah menjadi lautan api..."
Tri Goro     : O....
Mas Agung : Ngono...sedi pora?
Tri Goro     : preettt, ora....
Mas Agung :ggrrrhhh...???!!!

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Nyamuk Wedi Aids

Mas Agung lagi jagongan karo Tri Goro, mergo ora ndwe bahan kanggo mbethek'i Tri Goro meneh, wusanane ngomong ngalor - ngidul ora karuan.

Mas Agung : Nduwe penyakit aids iku yo ono penak'e jebule, Lek...
Tri Goro     : Nggathek mono...
Mas Agung : Lho dikandhani malah rak percoyo...
Tri Goro     : Logikane koh ndi?
Mas Agung : Aku yo jare kancaku ogg...
Tri Goro     : rek iso ki piye?
Mas Agung : Angger mbengi jare ora perlu ndadak tuku obat nyamuk barang, mergone nyamuk keweden nek mengko melu - melu ketularan...
Tri Goro     : O ngono....?
Mas Agung : Iyo...
Tri Goro     :Yo ws kono, ndang kowe njaluk ditulari kancamu...!!
Mas Agung :...???!!!!

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Layang Sing Dikiri Pak Pos

Mas Agung lagi nduwe gratisan nelpon, timbang mubazir ora dinggo sidane karep nelpon Tri Goro." mumpung gratisane sih akeh ki, telpon Goro ae lah..."

Tri Goro     : No po,Lek....?dingaren telpon
Mas Agung : Ra no po2, iki aku ndwe bethek;an meneh....
Tri Goro     : Lahhh...
Mas Agung : Gelem dibethek'i pora?
Tri Goro     : piye...piye lahh heemm...?
Mas Agung : Yen wis mangkat ora bakal bali, sak durunge mangkat dithuthuk nganti muni " kaplok " pas bathuk'e nganti koyok tato.Terus mangkat numpak mobil, ngerti - ngerti wis tekan Semarang.
Tri Goro     : Terus...!!!
Mas Agung : Lha yow opo jawabane?
Tri Goro     : Angin...
Mas Agung : Kowe iso nuthuk angin?
Tri Goro     : Kartu remi disulap Dedy Corbuzier
Mas Agung : Kowe wis tau pethuk Dedy Corbuzier?
Tri Goro     : Hemmm...opo yow?
Mas Agung : Cepet, iso pora?gratisanku selak ntek....
Tri Goro     : Nyerah aku...
Mas Agung : Surat dikirim lewat pos....
Tri Goro     :..." tuuuuttt..."....oo allaaaah, yo ngepasi ntek gratisane...!!!